Friday, 12 November 2010

Serat Centini (2)

Serat Centini (2)



Pucung
1. Endrasena myang sagunging para wadu, kang ana ing ngarsa, andheku dennira linggih, samya minggu tan ana wani micara.


2. Sang pangeran mingser ngajengken sang wiku, tan ana katingal, pinendir Susunan Giri, nir wikara nir baya teteg ing nala.


3. Datan an tinaha ing galihipun, pangran Surabaya, yen sinawang (ng)gigirisi, wingwrining tyas kadya anon singa krura.


4. Solah gansa ulat manis tembungnya rum, heh heh Sunan Arga, pinarsakna*) wuwusmami, Sultan Agung iku ratuning rat Jawa.


5. Murdaningrat ing jagat pramuditeku, ambeg parikrama, sadu sudibya sinekti, putus ing reh sampeka sura marata.


6. Pambesmining kang samya tan arsa nungkul, babo praptaning wang, ing saestune tinuding, kangjeng sltan kang pinudya jayaningrat.


7. Gustiningsung jeng Susunan Sultan Agung, heh Sunan wruhanta, apa karepmu kang pasthi, aprakara kang dadi karya manira.


8. Lamun sira satuhu nedya rahayu, teteping karajan, tulus wibawa neng Giri, anembaha ing Jeng Sultan Ngeksiganda.


9. Lan gawanen garwa putra sawadyamu, miwah ngaturena donyanira peni-peni, lan sagunge sosotya retna kumala.


10. Bareng lawan sebaku marang Mantarum, yen sira ngestokna, ing pituduh ingsun pasti, tutug tetep mulat baskara sasangka.


11. Yen tan anut marang ing pituduhingsun, apa kang kok arsa, tanpa sesa prapteng lalis, nagri Giri sirna dadi karang jingga.


12. Gustiningsun Anjayengbumi satuhu, marta parikrama, ing jagad wiryawan iki, wicaksana santosa ngagem agama.


13. Ing sakehe kasukanira puniku, wiryamu neng dunya, sami lan gebyaring thathit, lah emanen aja nganti kadrawasan.


14. Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh, rikuh akakadang, welasasih ywa kapikir, kencenging tyas iku kang dadya panutan.


15. Sunan Giri (n)dengengek wacana arum, ya wlahualam, Allah ingkang ngudaneni, amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran.


16. Yata wau Jeng Pangeran Surengkewuh, rikala miyarsa, ngandikanya Sunan Giri, tandya medal pasilan ngarseng pandhita.


17. Sakundure pengeran ing Surengkewuh, rembag dadining prang, samekta ing benjing-enjing, Endrasena jumeneng sumadilaga.


18. Wus warata dhawuhe sang maha wiku, mring para sakabat, siswa katib kaum modim, para wadya sa-Giri wus amirantya.


19. Enjingipun sang pangeran sampun rawuh, nagri Surabaya, pinanggih garwa myang dasih, winartanan tambu mangun yudabrata.


20. Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul, wadya Surabaya, neng alun-alun miranti, baris kepang jeng ratu nitih jempana.


21. Angideri baris mubeng ngantya kemput, maringken ganjaran mring kang ayun mangsah jurit, arta miwah busana awarna-warna.


22. Wus warading kang bendhe munya angungkung, panengran bidhalan, kang dadya cucuking jurit, wus lumaku kadya ilining narmada.


23. Nulya joli tityanira jeng ratu, jeng pangran neng wuntat, nitih kuda datan tebih, ginarubyuk sakehing kang wadya kuswa.


24. Tan petungan datan kawarna ing ngenu, prapteng Giri pura, kepung kepang pacak baris, sesaking tyas lir pendah ayun asamara.


*) prayoginipun piyarsakna

Asmaradana
1. Sigeg kan wus pacak baris, para wadya Surabaya, angepung Giri Kadhaton, sanega kapraboning prang, gantya kang kawuwusa, wau ta Giri sang wiku, sampun ingaturan wikan.


2. lamun Kangjeng Pangran Pekik, saha garwa ngepung kitha, anglir samodra balane, (m)blabar ngabeki papan, tiyang ing Ngargopura, jalu estri samya bingung, kadya gabah ingiteran.


3. Jeng Sunan Giri tinangkil, siniweng kang wadyabala, (m)balabar aneng ngarsandher, samya sanega ing yuda, anganti kang timbalan, wonten putranya sang wiku, mijil sangking kang ampeyan.


4. Sinung ran Dyang Jayengresmi, wotsekar matur ing rama, dhuh rama pupundheningong, paran temahaning karsa, langkung sandeyaning tyas, arsa ngayoni prang pupuh, mengsah sultan Ngeksiganda.


5. Atur kawula rama ji, lepato ing ila-ila, kamipurunipun lare, mudha punggung tan wrin ganty, yen kapareng ing karsa, prayogi sami sumuyut, mring Sultan Agung Mantaram.


6. Sampun ta asalah kardi, kula amiyarso warta, Ngesksiganda sang akatong, susileng tyas ambeg santa, tyas purna angumala, sayeksti kewala luhur, prabawa weninging driya.


7. Rahayu parikrama di, boten eca yen mingengsah, mupung ing samangke dereng, kalajeng campuh ing yuda, prayogi tinututan, panginten amba pukulun, wande ngayuni ngayuda.


8. Dene manawi tinampik, karsane caraka kedah, ngatingalken sudirane, pan dede sangking paduka, ingkang miwiti aprang, yekti sangking pyambakipun, datan awrat tinanggulang.


9. Ambekuh Jeng Sunan Giri, tan keguh aturing putra, nulya mundur sang wira nom, samarga arawat waspa, pinupus ing wardaya, papasthenira Hyang Agung, takdir datan kena selak.


10. Saundurira kang siwi, ngandika raja pandhita, Endrasena kaya priye, wong Surabaya wus prapat, ngepung ing Giri pura, Endrasena aturipun, wadya Giri wus siyaga.


11. Ngantos timbalan rama ji, dhuh sutengsun Endrasena, apa kang pinikir maneh, balik nembanga tengara, budhalna wadyanira, nglebur baris Surengkewuh, sira mangka senapatya


12. Tur sandika kang sinung ngling, manembah mangaras pada, dhuh guru panutaningong, nyuwun pangestu putranta, paduka denpracaya, undure wong Surengkewuh, wus ana ing astaningwang.


13. Pineteg bunbunanneki, sinebul mawantya-wantya, jaya jaya andikane, mundur anembang tengara, busekan para wadya, gya budhal ingkan rumuhun, wadyane sang Endrasena.


14. Kalih atus winatawis, samya asikep sanjata, nyothe seking (ng)gendhong towok, panganggene sarwa pethak, wus samya masuk Islam, sabilollah uninipun, ing wuri sang Endrasena.


15. Sanjatanira pinundhi, pistul kalih sinangkelang, nganggar sabet Karaloke, neng kiwa tengen curiga, adire aneng wuntat, tinrapan bandera pinggul, tinulis asma Pangeran.


16. Pujinira andremimil, nyebut asmaning Pangeran, sabilollah senggakane, nulya pra kaum ngulama, katib modin santana, myang wadya Giri sadarum, pangenggene sarwa pethak.


17. Sayuk samya ambeg pati, wus samya ayun-ayunan, wadya Giri Surengkewuh, natap tengaraning yuda, bedhug bendhe myang trebang, suraking wadya gumuruh, kadya belahing prawata.


18. Rame campuh ing ngajurit, tambuh mungsuh tambuh rowang, wong Giri ampuh yudane, mawantu-wantu nyanjata, wadya ing Surabaya, ing prang tan pati pakantuk, satemah barise rusak.


19. Endrasena mobat-mabit, ngiwut kadya Raden Seta, mlantrah pisah lan wadyane, singa kang katranjang bubar, lumayu asasaran, kang celak-celak linampus, tan ana mangga puliya.


20. Prajurit ing Surewesthi, tan bisa namakken gaman, pating bilulung solahe, rumangsa kawratan mengsah, wong Giri pamukira, lir andaka nandhang tatu, ambek pejah sadayanya.


21. Dumadya kang mengsah giris, tan ana kawawa nyangga, wadya Giri pangamuke, prajurit ing Surabaya, kathah ingkang kabranan, tanapi tumekeng lampus, wadya Giri sru gambira.


22. Kang pejah mung sawatawis, yata wadya Surabya, sadaya wus kraos cape, undurira alon-lonan, ywa nganti kawistara, wadya Giri sru mangesuk, lir ngrabaseng sinoming dyah.



Sinom
1. Dennira aprang sadina, kasoran wong Surewesthi, mundur tansah tinututan, apan ta saputing ratri, wong Giri kang nututi wus samya wangsul sadarum, wong Giri giyak-giyak, angklung ngenthir angeleter samya emprak.


2. Endrasena saha wadya, miwah para wadya Giri, wus sowan ngarsanira sang, pandhitaraja ing Giri, manembah tur udani, lamun wadya Surengkewuh, wus mundur palasaran, tan ana kang mangga pulih, kathah pejah gustine datan karuwan.


3. wau sang rajapandhita, langkung sukanireng galih, kalimput ing tyas angreda, ngraos karilan ing Widdhi, dennya ayun mengkoni, ing tanah Jawa sadarum sumengah ujubriya, kibir ing tyas uwus kengis, kapandhitan sirna gunging kamelikan.


4. Wasana aris ngandika, sukur alkamdulillahi, heh ta kulup Endrasena, iki ngalamate dadi, angel wong mijet ranti, rekasa wong (n)jara timun, kuciwa tan kacandhak, Jeng Pangeran Surabanggi, kacekela miris tyase wong Mantaram.


5. Enrasena matur latah, reh wau kasaput ratri, wadya dalem sampun sayah, saha rebat wektu Mahrib, ing dinten benjing-enjing, tamtu kabanda deningsun, mlajenga mring Mantaram, ulun datan nedya ajrih, sukur bage ing aprang tan mindho karya.


6. Babarpisan ulun bekta, dadya datan wira-wiri, Pangran Pekik kangjeng Sultan, sumewa ngarsa sang yogi, sang wiku ngandika ris, iya sun dongakken kulup, yen isih jenengingwang, sira kaki yawa kuwatir, ing samengko ing Giri sun wehi aran.


7. Iya nagri Sokaraja, pra wadu matur nekseni, ratri mengko kasukana, maulud dhikiran singir, (m)bungana wadya alit, ganjaren sapatesipun, kang padha mentas yuda, dimene tambah kuwaning, nanging kulup aywa atinggal waweka.


8. Manawa ing benjang-enjang, mungsuhmu kawawa bali, Endrasena saha wadya, sareng matur ing sang resi, sadaya wus malencing, miris datan nedya wangsul, gustine tan kantenan, rowange kathah ngemasi, benjang katon sareng nungkule jeng sultan.


9. Ing ratri samya bujana, wadya Giri suka ngenting, gantya wau kang winarna, ingkang kaplajeng ing jurit, Jeng pangran Surengwesthi, lawan garwanya jeng ratu, wus kumpul wadyanira, jeng pangran angles ing galih, sungkawengtyas miyat rusaking kang wadya.


10. Ki Sapanjang lajering prang, umatur marang sang Pekik, gusti atur pejah gesang, abdi dalem Surengwesthi, satuhu (ng)gigirisi. Endrasena yudanipun, miwah prajurit Ngarga, naracak kandel ing jurit, ambeg pati ngamuk lir bantheng katawan.


11. Abdidalem Surabaya, sadaya turipun sami, ngraos sampun boten bangkat, tan anedya pulih getih, ing tyas wus samya wingwrin, kanthi miris sakalangkung, jeng pangran duk miyarsa, ature panggawaneki, saya angles ing galih datan ngandika.


12. Mangkana jeng Ratu Pandhan, miyat garwanya prihatin, sumpek ing tyas tan kawengan, minggu datan kena angling, jeng taru matur aris, ngrarepa mring garwanipun, dhuh guru lakiningwang, lamun makaten ngajurit, rusaking prang amba nyuwun lilah tuwan.


13. Bilih kengin dinandosan, kula ingkang andandosi, kagyat Pangran Surabaya, mireng ature kang rayi, patanyanira aris, dhuh babo pupujaningsun, ratuning amrakatya, ratuning manis sabumi, kadiparan kang dadya ing karsanira.


14. Wadyanira wus keh pejah, kang kari wus padha wingwrin, jeng ratu manis turira, sok ugi kangmas nglinani. manawi ta manawi, saged mulihaken purun, mangkana duk miyarsa, jeng ratu rinangkul aglis, tuhu yayi jajimating Surabaya.


15. Lah apa sakarsanira, ingsun tan sawaleng kapti, ing samengko muhun darma, magondhal ing sira yayi, sakarsa-karsa dadi, wus pasrah jiwa ragengsun, ing dalu tan winarna, kunen kawuwusa enjing, Ratu Pandhan pinarak lawan kang garwa.


16. Aneng tarub sasangunan, andher wadya Surengwesthi, jeng ratu arum ngandika, heh sakehe wadya mami, (ng)geningsun mangun jurit, ingutus jeng ratu prabu, singangon busanarta, reyal wolung ewu lewih, busana keh endah-endah warna-warna.


17. Iku sun ganjarken sira, pandumen ingkan waradin, pra wadya ing Surabaya, sadaya wus samya tampi, arta busana adi, sumaringah netyanipun, bombong tyasnya sadaya, jeng ratu ngandika malih, wadyaningsun kabeh kang tampa ganjaran.


18. Wus katongton antepira, tuhu ring gusti kaesthi, melu lalana andong prang, sedya sadu ing reh ririh, saparan datan keri, papa rekasa ing laku, tan ana maweh marta, lantarane ing kamuktin, dak walesa satus mene durung mandra.


19. Yayah mamriha wiryawan, pamalesku mung papeki, paran minangka mulyakna, tan ngupakara mring abdi, gung aweh kawlasasih, asor timen jiwaningsun, bocah ing Surabaya, kulina wibawa nagri, gung ginawa ing papa kasangsara.


20. (m)Barekngkut kadya baberah, nglabuhi Gusti kaswasih, kasurang pan kasangsaya, ragengsun paran pinanggih, (ng)gagawa mring tan becik, durmala bae ragengsun, bagya wirya ing praja, seneng mulat anak rabi, teka (n)dadak dakajak panggawa papa.


21. Satemah amangih susah, angadoni jaeng jurit, pira papati tan ketang, sangking dreng kadereng ing sih, yun males maring gusti, tan tiwas sangking sireku, ingsun lan kakangemas, iku dununge kang sisip, pira bara muwuhi ing kawiryawan.


22. Mungguh ing panyaurira, wus kalakon tur ngelebi, ingsun ingkang kapotangan, kacihna nalika jurit, campuh lan santri brai, akanthi prajurit punjul, cina samya mualap, parabawane angungkuli, parabaku*) prajurit ing Surabaya.


23. Kena prabawa arebah, rumaras tipis kang ati, tan luput saka ing sira, manawa wus karseng Widdhi, ing mengko Surengwesthi, ginawa beda lan dangu, nguni ing sa-bangwetan, pangaubaning prajurit, manggaleng prang prajurit ing Surabaya.


24. Tyas ambeg satya-susatya, tan angeman lara pati, wanter tatag ing ngayuda, teguh datan pilih tandhing, babantheng tanah Jawi, mundur aran sukanipun, iku dhek jaman kuna, sarehning waktu saiki, akeh mungkur lalabuhan kuna-kuna.


*) Prayoginipun prabaweku
Pangkur
1. Lah sagung pra wadyaningwang, dadi luwih becik lalakon iki, tur tan sumelang yen lampus, kataman ing gagaman, nadyan kkucem nanging isih mamah-mumuh, nora keguh ing rarasan, waton (n)derbala lestari.


2. Payo lah padha bubaran, ingkang agung apuranira sami, marma mengko dadayeku, padha nuli muliya, mring wismamu dene ta ganjaranipun, gawenen sangu neng marga, ingokna mring anak-rabi.


3. Ingsun mulih mring Mantaram, manjuk marang kakang prabu Mantawis, ngaturken pati-uripku, lan kangmas adipatya, tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa pikun, biniyanton wong mualap, Cina neneka ngajawi.


4. Gagamane mung salumrah, santri meri tarebange tinitir, teka weh uwasing kalbu, angedirken kauran, temah ura datan tumama tumangguh, akeh wutahing ludira, nandhan brana tekeng lalis.


5. Kang kari tyase garowah, lir kinebat kawanenira enting, kehkehe ingsung kang luput, anandang kawirangan, lara-pati ingsung lan kangmas tumangguh, aywa melu-melu padha, lah andung basuki.


6. Kunen jeng ratu lingira, para mantri umatur sadayeki, pansarya dres wetuning luh, dhuh gusti pundheningwang, sampun age paduka nemahi kondur, tontonen wadya paduka, bektine wong Surawesthi.


7. Lawan pamriye para wadya, angantose yen mengko tuhu sekti, didimen telas pukulun, sagung wong Surabaya, tekeng pejah wadyanta ing Surengkewuh, datan ngrempelu sadaya, yen ngeman-emana pati.


8. Kalakyaning karsa tuwan, yen kacuwan luwung tumpesing jurit, urip apa karyanipun, tan pecus karya rena, ing karsane jeng gusti teka tan dhaup, yen uripa kena ngucap, dhasar manungsa tan yukti.


9. Ewa kabeh kang tumingal, jer wong Surawesthi kang (n)jejemberi, apan nisthane kalangkung, kawruhe nora nana, mung mangkono bobote aduwe ratu, wali kalipahing allah, prandene nora nglabuhi.


10. Ya endah apa wong kompra, ceplik tangeh weruha marang becik, sadaya pating salenggruk, punggaweng Surabaya, ki tumenggung Sapanjang matur dhuh-adhuh, anjanmaa kaping sapta, kawulakna sadayeki.


11. Pejah gesang aywa pisah, ing jeng pangran kang mengku Surawesthi, wadya tumpesa karuhun, sampun age paduka, kundur nganjukaken yuswanta pukulun, pra wadya ing Surapringga, yen tiwa ngayahan jurit.


12. Aywa na kantung satunggal, einumpese mring Sunan Giri aglis, yen paduka prapta kantung, sampun age paduka, kundur ngunjukaken yuswanta pukulun, pra wadya ing Surapringga, yen tiwas ngayahan jurit.


13. Yaksiya satru kawula, saturune (n)janmaa dhateng pundi, tetepa dumados satru, yen dereng kalampahan, pulih awon dhateng paduka gustiku, Jeng Ratu Pandhan myang garwa, suka ing tyas duk miyarsi.


14. Ature para punggawa, samya madeg kasuranireng galih, prasetyanira trus kalbu, datan lamis ing ujar, sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh, mangrurah kraton Prawata, rampung ing sadina mangkin.


15. Sunanne daya tawanan, amboyongi dunyarta garwa siwi, Ratu Pandhan ngandika rum, yen sira magut ing prang, ingsun arsa uning tingkahing apupuh, yen tetep asoring yuda, padha bareng angemasi.


16. Para wadya matur nembah, den pitados risaking kraton Giri, prayogi jeng gusti kantun, wonten ing pasanggrahan, nyakecakken sarira dalem pukulun, jeng ratu aris ngandika, palimarmanta mring mami.


17. Abanget tarimaningwang, sun tatedha winalesa ing Widdhi, nangging kencenge tyasingsun, tan kena sinayutan, para wadya sadaya samwa andheku, jeng ratu malih ngandika, mengko yen wis prapteng Giri.


18. Mungguh gelaring ngayuda, bocahingsun sikep ing Surawesthi, nganggoa gagaman pupuh, ana ing ngarsaningwang, kang minangka titindhih kangmas lang ingsun, kabeh padha singitana, lamun wus tempuh ing jurit.


19. Ingsun aparing tengara, yen pistulku wus muni kaping katri, sedheng kuwuring ngapupuh, aglis sira trajanga, poma padha estona pituturingsung, pra wadya matur sandika, mundur anata kang baris.


20. Pra wadyu asuka-suka, giyak-giyak marlesunira enir, pulih kapurunanipun, sareng surak gumerah, nora nana kang alit ing manahipun, sadaya samyambeg pejah, gambira wong Surawesthi.


21. Sampun anembang tengara, bidhalira wadya ing Surawesthi, kuli minangka panganjur, binusanan mawarna, abang kuning ireng putih iju wungu, mandhi watang nganggar criga, tinon lir panjrahing sari.


22. Jeng Ratu Pandhan neng wuntat, nitih joli jeng pangran datan tebih. wahana turangganipun, ingurung-urung wadya, magersari prajurit wuri sinambung, solahe lir singa krura, tan nedya mundur ing jurit.

Durma
1. Lampahira ing ngenu datan winarna, wadya ing Surawesthi, wus ngancik jajahan, ing Giri kagegeran, prajurit kang aneng wuri, lampahnya nyimpang, singitan tan katawis.


2. Kawarnaa Jeng Susunan ing Prawata, lagya eca tinangkil, lan sang Endrasena, ingadhep para wadya, tan liyan ingkang ginupit, jayaning aprang, jeng sunan ngandika ris.


3. Endrasena kadiparan mangsuli, apa tan nedya bali, matur Endrasana, pukulun kinten amba, kalajeng dennya malencing, boten kuwagan, nadhahi yuda mami.


4. Lamun purung wangsul netepi bebasan, lir sulung lebu geni, nadyan kangjeng sultan, Mantaram yen miyarsa, tandan ulun ing ngajurit, kasekten amba sayekti lajeng miris.


5. Dereng dangu dennira imbal wacana, kasari gegar jawi, alok mungsuh prapta, anganggo mancawarna, tindhihipun nitih joli, munggeng ing wuntat, gugup Susunan Giri.


6. Kulup payo padha nembange tengara, mungsuh (n)dadak nekani, kaki den prayitna, sun dongakken rahaja, Endrasena mundur aglis, nembang tengara, busekan wadya Giri.


7. Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang, sangking kitha wus mijil, sangking rananggana, sampun ayun-ayunan, tengara paguting jurit, bedhug tinatab, surak manengker langit.


8. Sareng tandang wadya Giri Surapringga, caruk asilih ungkih, tambuh mungsuh rowang, sanjata barongongan, wadya Giri ngiak wani, pangamukira, lir bantheng nandhan kanin.


9. Wadya Surapringga kadya singa krura, manggalak (ng)gegirisi, samyambeg palastra, kang pejang ingidakan, riwut ruket ing ngajurit, tan ana nedya, ngucira ing ngajurit.


10. Pan karasa paparinge gustinira, sedya amales becik, ngetohaken pejah, wus ruket ing ngayuda, larih-linarih ing keris, tumbak-tinumbak, penthung-pinenthung genti.


11. ana ingkang prang tangan datanpa gaman, dadya bithi-binithi, japa jinapanan, sebul-sinebul gantya, umet-umet umik-umik, ngapalken japa, pating kareses sami.


12. Endrasena pangamuke saya nengah, pedhange mobat-mabit, singa kang katrajang, ngisis datan kawawa, nanggulang pangamukneki, kathah kabranan, papati tanpa wilis.


13. Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira, Jeng Ratu Pangran Pekik, anuding wadya, heh bocah Surabaya, sira ayun marang ngendi, aturing wadya, ngaso ing sawatawis.


14. Wusnya ngaso sakedhap, nulya tumandang, mring pambaratan malih, risang Endrasena, sawadya sri gambira, satuhu ngebat-ebati, pangamukira, jeng ratu wlas ningali.


15. Matur maring kang garwa Kangjeng Pangeran, dhuh kangmas adipati, senapati Cina, wus wuru ing ngayuda, sedhenge tiniban mimis, manthuk jeng pangran, jeng ratu ngasta aglis.


16. Pistulira winawas mimis lumepas, mring Endrasena kanin, tanganira kanan, jumbul pedhange gigal, ngamuk dhuwung tangan kering, pinistul sigra, kabranan tangan kalih.


17. Maksih pangah ngamuk (m)bijig (n)jejeg (n)dhupak, angemah-ngemah kuping, Ratu Pandhan sigra pistulira winawas, suku Endrasena keni, sakala rebah, prajurit Surawesthi.


18. Samya mireng ungele pistul ping tiga, sigra angebyuk jurit, saking kering kanan, gugup ingkang tinrajang, wong Giri tan ana uning, yen mengsah wewah, prajurit Surawesthi.


19. Kiranira kantung kang katon kewala, jroning tyas agun kibir, dadya tan weweku, bujuke wong Mantaram, wadya Cina anadhahi, karoban mengsah, linambung nganan ngering.


20. Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda, mangkana wadya Giri, myang prajurit Cina, tyase wus samya growah, kemba tandange ngajurit, wong Surabaya, sadaya ambeg pati.


21. Amangrurah mungsuhe pating salayah, angilr babatan pacing, risang Endrasena, kinrocok tinunbakan, ajur luluh awor siti, wadya tumpesan, sakantune kang lalis.


22. Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gegaman, samya angungsi urip, (ng)galundhung ing jurang, singidan malbeng guwa, ana ingkang (ng)gebyur tasik, minggah ing arga, sinurak saya giris.


23. Wadya Giri siji tan ana katingal, resik lir den saponi, wadya Surabaya, surak ambal-ambalan, pratanda ungguling jurit, Giri kinepang, tepung kinubeng baris.


24. Kawarnaa nalika ramening yuda, putranya Sunan Giri, kang saking ampeyan, titiga estri juga, tunggil sayayah sabibi, sru angresing tyas, lir mas timbul ing warih.


Maskumambang
1. Ingkang sepuh kakasih Dyan Jayengresmi, ramening ngayuda ngupadosi rayi kalih, Jayengsari Rancangpatya.


2. Karsanira ri kalih binekta ngunsi, nangin jro kadhatyan, ingubres wus tan kapanggih, rahadyan sanget sungkawa.


3. Lolos saking Giri madosi kang rayi, tambuh kang sinedya, tan ana kang ngudaneni, lepas lambahe rahadyan.


4. Kawarnaa wau Raden Jayengsari, tan pisah kalawan rinta Niken Rancangkapti, ngupadosi ingkang raka.


5. Tan kapanggya santri Buras atur uning, dhuh lae bendara, ing Giri apes ing jurit, tan wande daya tatawan.


6. Pan binoyong maring nagari Mantawis, rakanta Rahdyan Jayengresmi sampun anis, nir dasih kang atut wuntat.


7. Duh miyarsa aturi ki Buras santri, Raden Jayengsekar, ngandika waspa dres mijil, yayi paran karsanira.


8. Niken Rancangkapti matur esmu tangis, kakang nora betah, yen pisah lawan sireki, saparan aku tut wuntat.


9. Saya ribet tyasira Dyan Jayengsari, yayi karsaningwang, anglut kangmas Jayengresmi, mati urip aywa pisah.


10. Buras matut kalilana ingkang abdi, tumutur saparan, sumangga nunten lumaris, selak tebah rakapara.


11. Payo yayi nuli pangkat ing saiki, kang rayi turira, kakang aku dandan dhisik, karo nglumpukke dolanan.


12. Mengko Buras gawanen dolalan mami, besek temantenan amben cilik rana cilik, bagor isi dhuwit wingka.


13. Cowek wajan anglo keren kendhil kwali, irus rok-erokan, solet wilah susuk cilik, bagor cilik isi beras.


14. Tenong cilik isi bumbu aja cicir lan cuwilan bata, kembang jambu ambas krambil, kunir enjet angus wajan.


15. Buras matur lehe (m)bekto kadi pundi, iya kanthongana, meh bae dhakone lali, kecik klungsu aneng keba.


16. Mantenaku becik dak gendhong pribadi, aja sira gawa, mengko mundak kok colongi, kateku gawanen pisan.


17. Ko nek kesel aku (n)juk gendhong sireki, buras tobat-tobat, dhuh bendara napa malih, kari peturon bebetan.


18. Payo Buras ewangana anjupuki, Raden Jayangsekar, myarsa surak (ng)gegeteri, kang rayi nulya cinandhak.


19. Gya ginendhong santri Buras aneng wuri, kakang udhunena, pasaranku isih keri, nek dak tinggal mundhak ilang.


20. Buras matur sedaya tan ana keri, wus pinikul berah, endi mantenaku kecik, karo cukike nek ilang.


21. Sampun lepas lambahe Dyan Jayengsari, umanjing mring wana, tumurun ing jurang trebis, gantya ingkan winursita.


22. Kangjeng ratu lawan garwa sang dipati, minggah marang Arga, jinajaran pra prajurit, ingurung-urung sentana.


23. Kawarnaa garwanya sang maha resi, miyos saking pura, lumajeng atawan tangis, miyat baris kang neng ngarsa.


24. Prapteng ngarsa mendhak-mendhak mangenjali, anungkemi pada, matur mlasasih wor tangis, lae gusti pundhen amba.


25. Karsa rawuh aneng padhekahan Giri, sewu kanugrahan, pindha kadhawahan sari, wijile nata minulya

Mijil
1. Datan (n)dimpe musthikaning bumi, rawuh sakarongron, apuranen punika dasihe, abdi dalem pandhita ing Giri, ywa tumekeng lalis, sru panuwun ulun.


2. Sastunipun putranta ing Giri, katarik wiraos, keni bujuk rum manis tembunge, anglimputi utamaning resi, temah (m)bebayani, tiwas ing tumuwuh.


3. Endrasena eblis angejawi, reraton neng dhepok, teka badhe ngembari dheweke, ing sang ulun kang mengku rat Jawi, satemah ngmasi, (ng)gegawa sang wiku.


4. Putra tuwan saestune sepi, balela ing katong, lah punapa kang den andelake, dhuh jeng gusti saestu tur mami, den pracayeng galih, Gusti atur ulun.


5. Pangran Surawesthi ngandika ris, aywa walangatos, lamun mengko wus eling atine, gelem nungkul marang ing Mantawis, atur pati-urip, mring Jeng Sultan Agung.


6. Yen miturut nora sun pateni, lamun meksa wangkot, kari aran sak bjojo anake, tumpes tapis ing Giri sun radin, papak lawan siti, aja na mandhukul.


7. Nora nyana nora ngira mami, yen dadi prang popor, sadurunge kalakon mangkene, akeh-akeh manira nuturi, teka tan ginati, minggu datan muwus.


8. Aturana lakimu den aglis, yen sandeyeng batos, isih kenceng kan dadi karepe, isin mundur nglabuhi si eblis, nora ngman pati, suka tumpes lebur.


9. Baya namung sagebyaring thathit, ing Giri wus luloh, menek uwus rumangsa lupute, gelem nungkul marang ing Mantawis, nuli konen mijil, aja nganggo dhuwung.


10. Nembah mundur sang dyah prameswari, jeng ratu angantos, aneng jawi kalawan garwane, yata wau prameswari Giri, nung kemi padaning, risang raja wiku.


11. Aturira dahat mamalatsih, dhuh jawataningong, rama tuwan kalangan garwane, Gusti Kangjeng Ratu Pandhansari, rawuh wus neng jawi, (m)bekta prajurit gung.


12. Dhawuhipun dhumateng pun patik, gusti wantos, ywa kadaut paduka kasupen, bilih karsa nungkul mring Mantawis, tangel Pangran Pekik, ing rahayunipun.


13. Slira tuwan sarwa putrabdi, tulus angadahton, aneng Giri saturun-turune, bilih datan makaten wus pasthi, risak prajeng Giri, tumesan sadarung.


14. Jeng paduka tinimbalan mijil, dangu wus ingantos, yen taledhor bok dados dukane, pan dinalih ngungkebi si eblis, mangga sowan gusti, sampun ngagem dhuwung.


15. Sunan Giri wenteh angengeti, tyarsa sumedhot, gugup tanggap ngrasuk busanane, datan ngagem curiga wus mijil, atateken ecis, mangsah munduk-mundhuk.


16. Dupi prapta ngarsanya sang Pangeran Pekik, sasalaman gupoh, wusing salam angraup padane, marikelu mepes aneng ngarsi, lir konjem mring siti, ajrihe kalangkung.


17. Angandika Jeng Pangeran Pekik, pungkasaning lakon, kadiparan karepmu ing mangke, keketogan aywa mindho kardi, endi kok antepi, mati apa nungkul.


18. Lamun nungkul dak gawa saiki, marang nagrningong, sabojomu myang anakmu kabeh, rajabrana saisining Giri, sawadyanireki, aja na kang kantun.


19. Sabanjure angidhepa maring, jeng sultan kinaot, ingsun ingkang bakal nyebakake, sang pandhita aturira aris, tan lenggana gusti, andeherk sakayun.


20. Sampun ingkang dhumateng ing sakit, nayan prapteng layon tan gumingsir sumarah abdine, muhun nyadhong parenging narpati, amba angengeti, waweca ing dangu.


21. Karsaning Hyang buwana binalik, luhur dadya asor, nanging datan ngicalekn lajere, kang paran (ng)gen amba sumingkir, pangran duk miraysi, angres galihipun.


22. Ngandika lan hya sumelang kapti, ingsun kang tumanggoh, den pracaya marang Sang Murbeng reh, lah ta mara padandana aglis, lengser Sunan Giri, padandosan sampun.


23. Wus samekta tan ana kang cicir, jeng pangeran bodhol, ing kang rayi wahana joline, Sunan Giri tinandhu neng ngarsi, lan garwa myang siwi, jinagan wadya gung.


24. Wadya Suraweshti abibisik, marang sang wiranom, prayogine Sunan Giri mangke, yen sambada ing karsa jeng gusti, reh kaya papati, anggambuh prang pupuh.


Gambuh
1. Kalkyan aprang pupuh, dados damel kapitunan agung, aminihi kangangsarane tyang alit, (ng)gorekken praja sewagung, abdidalem kathah layon.


2. Tetele sampun kosus, sinangsaya tumekeng ing lampus, tinumpesa sampun boen milalati, imane sampun tekiyur, ical sumengkem ing Manon.


3. Mumpuni kajengipun, jawi lebet sadyanya rinangkut, tan rumaos kungkulan, dhampar narpati, wikuning antegan estu, pathaknya jawi kemawon.


4. Ing mangkya mumpung ngumpul, wonten ngajeng kadral sangking pungkur, Pangran Pekik gumujeng angandika aris, bener kabeh ing aturmu, wus kosus tinumpes mangko.


5. Angangin saka dhawuh, dalem Gusti Kangjeng Sultan Agung, ingsun nora winenang lamun mateni, pan dudu bubuhan ingsun, luwih karsane sang katong.


6. Wirayate pra luhung, yen sumengko durung waktunipun, besuk ana kang ngremeg kadhaton Giri, darahe Jeng Sultan Agung, campur lawan darahingong.


7. Sadaya para wadu, samya (d)dheku langkung cuweng kalbu, mareming tyas tembe kalakon sadyeki, yata lajeng lampahipun, wus prapta ing Surengkewoh.


8. Pinernah pondhokipun, Sunan Giri sawadya kinumpul. myang jiagang ing prajurit Surengwesthi, kangjeng ratu karsanipun, benjang enjang dennya bodhol.


9. Cinachahaken sampun, baboyongan jarahan brana gung, sunan Giri matur mring Jeng Pangran Pekik, kauningana pukulun, kirang tiga anak ingong.


10. Jayengresmi kang sepuh, miwah Jayengsari arinipun, wuragile wasta Niken Rancangkapti, remaning prang sami mirut, lolos sangking ing kadhaton.


11. Tan wonten sanjang ulun, duka dalem menggah purugipun, tunggil biyan tiga pisan sangkin wingking, jeng pangran nulya dhadhawuh, marang wadya Surengkewoh.


12. Heh bocah den agupuh, upayanen atmaja sang wiku, Jayengresmi Jayengsari Rancangkapti, kalamun uwus kangguh, rihrihen deng nganti klakon.


13. Sabekna mring Mantarum, yen ambandakalani tan purun, aywa wangwang (ng)gonira anyantosani, yen abota sangganipun, matura ing jengingong.


14. Ki Sapanjang wus ngutus, wadya Surengkewuh ingkang ngruruh, pan sinebar ing paran datan anunggil, sigegen dennya angruruh, enjinge denya yun bodhol.


15. Sowan maring Mantarum, wus amekta punggawa nunganung, myang boyongan jarahan sampun mirangti, tinengeran bendhe ngungkung, gumuruh kanang kendhang gong.


16. Enjang budhal gumuruh, giyak-giyak tandha jayeng pupuh, kangjeng ratu neng ngarsa anitih joli, jeng pangeran tanseng pungkur, nitih turangga binarong.


17. Ingayap wadnyanipun jinajaran myang den urung-urung, kang sumambung ing wuri jeng Sunan Giri, sagarwa putra tinandhu, brana jarahan tan adoh.


18. Jinagan pra mantri nung, jinajaran myang den urung-urung, ginarubyug prajurit ing Surabanggi, samya prayitna ing kewuh, samarga-marga tinonton.


19. Ing ngenu tan winuwus, sus angancik nagari Mantarum, oreg ingkang samya ayun aningali, kondurira kangjeng ratu, ungguling prang ambaboyong.


20. Sunan Giri pinikut, sagarwa putra santananipun, jajarahan gusis rajabrana Giri, wong nongon jejel supenuh, samya ngucap ting calemong.


21. Sing endi warnanipun Sunan Giri kang mbaleleng ratu, rowangira nauri atuding-tuding, kae lo lo aneng tandhu, kang wus pikun kempong perot.


22. Lo dene uwus thuyuk, apa ingkan den andelken iku, ah wong wiku manawa dongane mandi, lan duwe saraya jadhug, Cina mualap sabagor.


23. Ing mengko wis kinrucuk, ing jeng ratu kagem sambel wandu*), pinakakken maring sakehe wong Giri, satemahe padha mupus, rajane kena binoyong.


24. Wau ta lampahipun, kangjeng ratu prapta ngalun-alun, Pangeran Pekik sawadya myang Sunan Giri, kendel nang taratag agung, jeng ratu (n)dhandang kadhaton.

Prayaginipun sambel windhu = sambel wayu

Dhandhanggula
1. Kawarnaa jeng Sultan Mantawis, apan sampun ingaturan wikan, Jeng Ratu Pandhan rawuhe,s aha ungguling pupuh, Sunan Giri sampun jiodhi, binekta mring Mantaram, mangkana sang prabu, miyos madyaning pandhapa, ginarebeg sagunging pawongan cethi, sampet pacareng nata.


2. Tan pantara kang rayi kaeksi, kangjeng sultan gupuh dennya mapak, tundhuk pinengkul janggane, kinanthi lapahipun, wusing lenggah caket sang aji, arum wijiling sabda, adhuh ariningsun, lakumu myang garwanira, ingsun utus ngendhakken pandhita Giri, apa padha raharja.


3. Lakinira mengko ana ngendi, kangjeng ratu matur saha nembah, kakang prabu pangestune, mundhi dhawuh pukulun, amba miwah kangmas dipati, myang wadya Surabaya, sadaya rahayu, ingutus wus antuk karya, Sunan Giri ing aprang sampun kapilis, ing mangkya kula bekta.


4. Laki ulun ngentosi neng jawi, cumadhong ing dhawuh sri narendra, jeng sultan utusan age, nimbali ipe prabu, Pangran Pekik sampun akerit, prapta ing palataran, (n)dhadhab mundhuk-mundhuk, lenggah konjen ing pratala, gya ingawe jeng pangran majeng wotsari, mangraup pada nata.


5. Paha becik satekamu yayi, dene lagi sawatara dina, apa baya antuk gawe, jeng pangran nembah matur, dhuh gustiku kalipah Widdhi, musthikaning bawana, kinasih Hyang Agung, pangestu dalem narendra, kawula miyang abdi dalem Surewesthi, sadaya karaharjan.


6. Nuwun ampun kawula tinuding, (n)dhawuhaken timbalan narendra, dhateng Sunan Giri Prapen, supadi ywa kadaut, kajengipun ingkang nalisip, tan ayun sumuyuta, ing pada pukulun, skawit patik piyambak, tanpa kanthi pinanggih Sunan Giri, pinuju pakempalan.


7. Para kaum andher ngarseng resi, lawan wonten tyan china mualap, kalih atus prajurite, sampun Islam sadarum, lurahipun pinendhet siwi, ingaran Enrasena, saestu pinunjul punika ingkan amawa, kadauting tyasira sang maha resi, sinantosan tyang Cina.


8. Ulun paripih sanganing aris, meh sadalu meksa boten membat, gebes tan wonten ature, pegeling tyas kalangkun, ulun mantuk datanpa pamit, enjinge mapak yuda, meh sadinten muput, wadya dalem Surabaya, pan kaseser giris pangamukireki, Endrasena prawira.


9. Ing sasaged amba abolehi, meksa mopo miris ananggulang, wadya Giri pangamuke, tyas amba ngres kalangkung, sumpeg pepet kewan ing pikir, rayi dalem duk priksa, bilih amba minggu, tan wonten wenganing manah, ngandika rum dhateng amba ngasih-asih, mundhut lilah ngrarepa.


10. Karsa mulihaken tyasing abdi, sareng rayi dalem angandika, inggaring tyas amba mangke, nyumanggakken sakayun, mung sdarmi (n)dherek kang abdi, anulya mundhut reyal, cacah wolungatus, busana maneka warna, pinaringken dhateng ing punggawa mantri, pipikul Surabaya.


11. Samya enggar manahipun sami, prembik-prembik thukul kasuranya, jeng sultan asru gujenge, bacutna ariningsun, nuwun rayi dalem jeng gusti, kathah kang pangandika, nyenyes manis arum, kados majeng ngelmi nyata, agendhagan abdi dalem boten apil, panjang angandhar-andhar.


12. Abdi dalem tyang sa-Surawesthi, sareng mireng ingkan pangandika, samya madeg kasurane, matur asenggruk-senggruk, aprasetya mawanti-wanti, sadaya ambeg pejah, nadyan lebur-luluh, tan gumingsir ing ngayahan, saya suka sang aji ngandika aris, mara yayi banjurna.


13. Enjing lajeng tengara tinitir, rayidalem madeg senapatya, neng joli mangku pistule, kawula aneng pungkur, numpak kapal datan cumuwit, gelaripun ngayuda, garudha maniyup, kuli binusanan abra, dadya cucuk rayidalem dadya telih, prajurit Surapringga.


14. Kang miangka gelar nganan-ngering, alimuan datan katingalan, amuk cucuk medheng-medhen, surak mawantu-wantu, wadya Giri lajeng miyosi, nir baya nir wikara, gupuh amanempuh, senapati Endrasena, sawadyanya tyang Cina wira ing jurit, rame campihing yuda.


15. Pan kapilis wadya Surawesthi, ngungsi (ng)gyaning risang senapatya, rayidalem timbalane, lho kathik padha mlayu, aturipun boten lumaris, angencengi dandosan, Endrasena anglut, tandangnya lir. Radyan Seta, rayidalem mistul tangan tengen keni, pedangipun wus gagal.*)


16. Maksih ngamuk dhuwung tangan kering, gya pinistul tanganipun kiwa, kabranan tangan kalihe, kantun suku myang gundhul, (n)jejeg (m)bijig lir menda baring, ger ginuyu wong kathah, ping tri ing pamistul, sukunipun kang kataman, lajeng dhawah sareng kerbeting**) suwiwi, wadya ing Surabaya.


17. Angebyuki sangking kanan kering, waringuten wadya Surabaya, kadugen ing punagine, angidak ambeg purun, datan odhil wadya ing Giri, pepejah tan petungan, leseh sungsun timbun, kanthun kedhik ingkang gesang, mawut-mawut samya ngungsi jurang trebis, weneh minggah prawata.


18. Endrasena luluh awor siti, wadya Cina tumesan sadaya, rayidalem minggah age, dhumateng ing kadhatun, prapteng jawi garwa sang yogi, umareg ngraup pada, asru tangisipun, nyuwunaken pangkasama, gesangipun lakinya pandhita Giri, sampun pasrah bongkokan.


19. Tan suwala sakarsa sang aji, rajabrana saisining pura, sadaya deaturake, myang anak rabinipun, amung anak kang sangking selir, titiga estri juga, Jengresmi kang sepuh, ambeg mawiku sudibya, nuli Jayengsari taruna apekik, Rancangkapti wanudya.


20. Tiga pisan ramening ngajurit, samya lolos amba wus kengkenan, ngupadosi katigane, ing samangke pukulun, Sunan Giri saha nak-rabi, myang sagung jajarahan, wus neng alun-alun, kawula nuwun sumangga, kangjeng sultan suka amarwatasiwi, aris wijiling sabda.


21. Iya banget ing panrima mami, wiku Giri patut ingapura, ing samengko pangwasane, ing Giri sadaeku, sun paringken maring sireki, sagunge jajarahan, dadia darbekmu, jeng panran matur manembah, sakalangkun kapundhi sih paduka ji, kang dhumateng patikbra.


22. Kangjeng sunan angandika malih, seje waktu ingsun yun apanggya, lan wiku Giri Parapen, ing mengko jekken manthuk, kang miruda si Jayengresmi, karepe ayun nandha, marang jenenghingsun, amung salamet tekadnya, tembe asung patilasan ing nagari, mumpuni ing kasidan.


23. Jeng pangeran (n)dheku atur pamit, saha garwa mring Kasurabayan, wus linilan nulya lengser,s ang prabu angadhatun, kangjeng ratu kundur kinanthi, wus prapteng Surabayan, tan pisah sang wiku, sagarwa-putra pinarnah, pondhokira nglempak dadya wawiji, pan datan kawoworan.


24. Paringdalem sungata lumintir, pinisalin sakehe boyongan, samya sukarena tyase, lir jagong amamantu, dadya bawan datan pinikir, ngluhurken asma sultan, satuhu pinunjul, jeng ratu amage brana, jajarahan dhumateng wadya gung alit, kasmaran tampi kucah.


*)Prayoginipun gigal=dhawah
**) Prayoginipun kebeting suwiwi

Asmaradana
1. Nengena nagri Mantawis, tamat ing Giri bedhahnya, gantya ingkan winiraos, Dyan Jayengesmi wnarna, prapteng madya ning wana, santrinya kakasih nusul, Gathak Gahtuk namanira.


2. Cirebon wutahrahneki, nembah matur rawat waspa, tan saged pisah dasihe, ulun-tumuntur saparan, rahadyan lon ngandika, ingsun mangayu-bagyestu, (ng)gonira mantep sih tresna.


3. Nahan lampahira prapti, patilasaning kadhatyan, Majapait duk kinane, anon rengganing gapura, banon abrit kinarya, rapet ing pamasangipun, atose wus kadya sela.


4. Pamasang datanpa gamping, tigas ginosok kewala, lawan banon sami banon,s angking mathasing pamasang, suluhan tan katingal, lir sarimbag banon wutuh, ingukir pinatra sekar.


5. Ing sanginggilira kori, sinungsun tinumpang-tumpang, mancut remit pangukire, ing sapucaking gapura, kathukulan mandira, rompyoh-rompyoh angrambuyung, kiwa tengening gapura.


6. Binanon nglajur ngubengi, campurinira kadhatyan, radyan miyang kalih santrine, kemput dennira umiyat, nulya manjing jro pura, (n)ujug ing balumbang agung, toya wening gilar-gilar.


7. Binotrawi sela abrit, kemput tepining balumbang, tinepi sasekarane, andong anggrek argolubang, noja lan sekar nala, nagari cepaka rum, claket myang sekar rejasa.


8. Rukem ragaina tuwin, klurak kalak kanigara, kemuning kananga kaot, dlima wantah dilem ngambar, taluki sruni wungyan, wratsari landep sumusup, pacarcina pudhak ngambar.


9. Kathah winarna ing tulis kumenyut tyasira radyan, enget mring ari sang sinom, Rancangkapti kadangingwang, nguni karemenanta, wanci bangun ngundhuh santun, kakaring ing patamanan.


10. Marang ngendi sira yayi, rahadyan sabil ing nala, tyas pinupus nulya ngaler, umiyat kanang kuburan, rahadyan uluk salam, karengeng wansulanipun, ya raden ngalekumsalam.


11. Jengresmi lan abdi kalih, guyub samya rarantiban, bakdanya ratib gya lengser, tan patya tebih gya miyat, reca amuka sona, Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul bilih ingong sengguh janma.


12. Tibane watu si anging , radyan (n)jajah jroning pura, sunya tan ana tabete, gya wangsul maring balumbang, angambil toya kadas, Gathak adan kamat Gahuk, samya prelu waktu Ngasar.


13. Wus bada anulya mijil, rarywan ngajenging gapura, nulya ana janma rawoh, nyaketi lenggahnya radyan, alon ing aturira, angger ingkang nembe rawuh, sami katuran raharja.


14. Sinten sinambating wangi, paran kang sinedyeng karsa, radyan angandika alon, paman asung kang pambagya, sanget panrimaningwang, tanpa wisma raganingsun, moyang ngupadosi kadang.


15. Nama karan Bagus Santri, paman ulun atetanya, andika sinten kasihe, nun kula nama Ki Purwa, ingkang kajibah tengga, patilasan kadhaton gung, Majapait ranning praja.


16. Yen kapareng bagus kampir, dhumateng sudhunge paman, radyan manis andika, banget ing panrimaningwang, aneng ngriki kewala, ngiras netepi katengsun, ngalap barkahing minulya.


17. Nunginggih langkung prayogi, dhasar panepen punika, lamun malem (ng)Garakaseh, kathah para manca prapta, mawarna kang sinedya, angunjung astanipun, jenengdalem Putri Cempa.


18. Panupi sampun ningali, dhaten lebeting kadhatyan, paman wus salesih ingong, kakaring aneng jro pura, umiyati pakuburan, reca miwah blumbang agung, paran gotekipun kuna.


19. Ki Purwa turira aris, punika ingkang gapura, Waringin-lawang wastane, balumbang kang kalangenan, Sang Prabu Brawijaya, putri Cempa kang kinubur, wus maning agama Islam.


20. Reca pindha narpati, Balambangan Minakjingga, dadya tirakatan gedhe, punika goteking kuna, dene sanggar pamujan, winastanan Candhi Brau, tan tebih sangking kadhatyan.


21. Punapa dereng ningali, ing mangke dalu kewala, ulun ingkang (n)dherekake, wektu Mahrib wus andungkap, Gathak Gathuk gya adan, paragat dennira wektu, Mahrib atanapi Ngisa.


22. Sedhenge prunama-siddhi, padhang bulan kakencaran, rahadyan alon lampahe, Ki Prwa lumakyeng ngarsa, Gathak Gathuk tan tebah, prapta Candhi Brau sampun, pamujan Sri Brawijaya.


23. Wanguning candi lir masjit, payon banon tatumpangan, dadya lincip pungkasane, ngandhap sinungan wiwara, Ki Purwa aturira, sumangga bagus umangsuk, maring plenggahan pamujan.


24. RAdyan myang santri kakalih, wus manjing jruning pamujan, langkung kacaryan driyane, miyat rarenggan srawendah, myang awuning kang dupa, ngandhukur lir pendah gumuk, wus tamat anulya medal.


25. Ki Purwa umatur malih, wonten malih candhi endah, Bajang ratu (ng)gih namane, anaging klebet sirikan, yen wonten kang umiyat, tan kadugen kajengipun, miwah apes kang pinanggya.


26. Prayogi boten ningali, radyan angling paman nedha, kendel ing ngriki kemawon, ulun apamitan pisan, ing ari benjang-enjang, ayun (n)dumugekken laku, ngupaya kesahing kadang.


27. Ki Purwa umatur inggih, sumangga sakarsa tuwan, dalu datan winiraos, wanci pajar gidib nulya, angambil toya kadas, para gading waktu Subuh, rahadyan aris ngandika.


28. paman kantuna basuki, Ki Purwa aris turira, rahadyan lajeng lampahe, wamarga arawat waspa, nanedha ing pangeran rahayuning aranipun, rama miwah kaluwarga.


29. Lepas lampahnya dumugi candi Panataran Blitar, nengardi Kelut sukune, sela cemeng kang kinarya, ageng ingkang sajuga, wit ngandap tumekeng pucuk, ingukir ginambar wayang.


30. Radyan gya minggah ing candhi, tundha pitu prapteng pucak, udhunira along-alon, Gathak Gathuk barangkangan, tyas agung tarataban, tekeng ngandhap Gathuk muwus, Gathak mau gambar apa.


31. Kang ingukir pinggir candhi, lunglungan ceplok kembangan, memper wayang buta kehtek, Gathuk ing pangiraningwang, gambare Ramba tambak, katara ketheke brengkut, candi alit tininggalan.


32. Lir cungkup wanguaneki, ing sanginggiling wiwara, sinerat sastra Budane, Gathak matur inggih radyan, punika kadiparan, kajenge sastra puniku, pating penthalit tan cetha.


33. Rahadyan ngandika aris, sastra Buda papengetan, sewu rongatus etung, sangang uluh siji warsa, nalikane akarya, ing sanggar pamujan iku, manthuk-manthuk Gathuk Gathak.


34. Tapis dennira mirsani, mentar sangking Panataran, awirandhungan lampahe, ngancik pandhekahan Gaprang, miyat kang reca sela, kakalih estri myang jalu, aneng sapinggiring marga.


35. Sekar konyong amenuhi, dupanira datan kendhat, tinengga palawangane, Gathak Gathuk lon tatanya, kiyai niku napa, jurukunci lon sumaur, bagus niki panyandranan.


36. kang jaler nama Kiyai, estri nama Nyai Gaprang, pan dadya pakaulane, kang samya aminta barkah, nyunyuwun ge susuta, sarat lenggah kalihipun, ngungkrake kyai reca.

Pangkur


1. Lah punika palanangan, ingkang ngadep sipat grananya kyai, ingkang samya anunuwun, sawusing adudupa, nulya matur punapa sakajatinipun, lamun nyuwun ge susuta, kalihe samnya nglinggihi.


2. Ing pucuking palanangan, kang wus klakyan tumunten darbe sisi, Gathak Gahtuk angacemut, i tobat nora nyana, ingkang jejer ngater iku dadi pelus, radyan lajeng lampahira, manjing Lodhaya wanadri.


3. Miyat wisma lit gedhegan, payon atep ing salebeting panti, egong sajuga gumandhul, nulya kampir rahadyan, tan adangu jarukuncinira rawuh, tatanya punapa karsa, Gathak Gathuk lon nyauri.


4. Kulo mung kampir kewala, kapundi dene gong neng wanandri, jurukunci sauripun, sampun kina makina, pan dumadya pupundhene tyang sadhusun, naminipun Kyai Pradhah, sinten ingkang darbe kardi.


5. Mawi anabuh gamelan, tamtu ngangge egon Pradha Kiyai, yen tan makaten saestu, bilai kasusahan,s aben dinten mila dinupan kumelun, sinekaran binorahan, dadya warni nganti kuning.


6. Rahadyan wusing miyarsa, cariyosnya kiyai jurukunci, nulya lajeng lampahipun, lumebet padhekahan, aningali wisma alit dhapur tajug, ngandika mring Gathak Gathuk, payo ngaso maring masjit.


7. Tumindak anom belikan, toya wening rahadyan miwah abgdi, samya ngambil toya wulu*), wus malbeng jroning langgar, Gathak Gathuk adan naging datan seru, tyasira tansah trataban, wusing sunat perlu Mahrib


8. Linajengken wektu Ngisa, pragating sembahyang amiyarsi, swaraning janma gumrumung, Gathuk enggar tyarsira, ririh angling Gathak payo padha methu, nemoni janma kang nywara, baya iku ingkang kemit.


9. Kaliye medal lon-lonan, prapteng jawi sru kagyatireng ati, anom sami samya turu, ngubengi ponang langgar, angalemprak adu pathak adu bathuk, ngorok (ng)gereng sasenggoran, Gathak Gathuk wansul aglis.


10. Wel-welan matur ing radyan, dhuh bendara kawula tur udani, suwara janma gumrumung, dupi kawula medal, yun manggihi sun sengguh sanma satuhu, kang samya yun maring langgar, jebul sima kathah guling.


11. Cacahipun tan kantenan, leseh anjrah kadya babadan pacing, mangke menek samya wungu, tan wurung anembah byat, (m)barokati angemah-ngemah mring ulun, rahadyan mesen ngandika, sira ywa padha kuwatir.


12. Luwih karsane Pengeran, yen wis pasthi tan kena owah gingsir, tan kena kalamun luput, tan luput lamun kena, balik padha pasrah sumarah Hyang Agung, kawula amung sadarma, lir sarah aneng jaladri.


13. Wis Gathak Gathuk turua, ingsun ingkang ngeleki tekang enjing, rarywa kalih nulya turu, ngaringkel datan obah, datan segu radyan munajat sadalu, miminta ing karaharjan, dupi wusing bangun enjing.


14. Sembahyang Subuh pribadya, wusing bakda akaring pajar sidik, ginugah kang samya turu, tangi aremrem-ayam, miyarsakken swara sepi tandya lungguh, meh raina masemu bang, Hyang haruna ayun mijil.


15. Ningtip-intip Gathuk Gathak, anom janma titiga samya linggih, kadi mentas samya turu, dupi miyat jro langgar, ana tamu katri eca dennya lungguh, tri umentar gagancangan, tur uning mring lurahneki.


16. Dupi prapteng ngarsa lurah, atur uning ing langgar ana janmi, titiga juga binagus, respati mawa cahya, winatara sadalu munggen neng ngriku, ki lurah gawok ing driya, wus anarka yen wong luwih.


17. Parentah mring rabinira, heh Rubiyah sadhiyaa den aglis, bucu kang apik ananjung, iwak dhendheng manjangan, bayem ati gudhang pan-empon myang timun, siwalan ingkang dawegan, miwah legena hya lali.


18. Rubiyah matur sandika, wus samekta ki lurah mirah rabi, lajeng marang sanggar gupuh, umarek mring rahadyan, prapteng ngarsa matur marang sang linuhung, angger kula niakrama, sinten sinambating wingking.


19. Paman kula santri moyang, angulati kadang ingkang luna nis, saparan kawelasayun, balik ta sinten paman, lurah matur kang sotah mastani ulun, Ki Carita dadya lurah, ing dhusun Pakel punika.


20. Mila kula gupuh sowan, de rumiyin tumeka ing samangkin, tan ana janma kang purun, lumebet maring sanggar, mung paduka saestu lamun linuhung, baya trahing maratapa, wijiling andana warih.


21. kampipurun abdipara, atur dhahar lumayan ing kalantih, angsala barkah pukulun, kasawaban nugraha, wus tinata sang luhun ngcani kalbu, dhahar watara sak kluwak, dhendheng manjangan sacuwil.


22. Abtobbe ambal-ambalan, wus dumugi rampadan gya cinarik, dhaharan lumadyen ngayun, siwalan myang dresan, Raden dhahar siwalan tanapi nginum, deresaning kang siwalan, nikmat seger sarireki.


23. Gathak Gathuk ingacaran, lah suwaci (ng)ger aywa isan-isin, (n)dika nedha kang pakantuk, (ng)gih wakne ywa sumelang, Gathak Gathuk (ng)gennya nedha angathekul, kalihe wus tuwuk samya, angendhoni sabukneki.


24. Radyan ri tanya Ki Crita, kadiparan cariyosira nguni, griya myang kepek gumandhul, Ki Carita turira, inggih sangking gotekipun tiyang sepuh, griya winastanan sanggar pamujan kala rumiyin.


25. Kepek kakalih punika, kang satunggal pan isi sinjak lurik, warna-warni corekipun, miwah sinjang praosan, dhesthar tepen myang praosanipun, dene kepek satunggilnya, isi kampuh gadhungmlathi.


26. Mawi kaparaos jenar, kacariyos kagungan dalem Gusthi, Kangjeng Nyai Rara Kidul. saben taun sapisan, kulabekta dhumateng ing wismaulun, marika jangkeping cacah, sarto ngiras angsisi.


27. Sampuning jangkep kan cacah, lajeng wangsul marang ing sanggar malih, nalika pamendhetulun, tuwin wangsuling barang, sampun tamtu wonten sima kang tut pungkur, nangngin sangking katebihan, punika sima kang jagi.


28. Saben dalu tiga-tiga, blih siyang sami awarni janmi, wit pakel sangajengipun, ign sanggar kalih pisan, miwah uwit duren kakalih puniku, aneng kiwa tengan langgar, tanemanipun Jeng Gusti.


29. Panembahan Senapatya, mila saben woh katur mring mantawis, Gahtak Gathuk ririh muwus, wakane napa ingkang, den arani sima-gadhungan punika, de tyang datan mawi tungkak, (ng)gih makaten gotekneki.


30. Rahadyan manis ngandika, man Carita banget panrimamami, buja kramanta mring ulun, Allah kang malesane, reh wus siyang ulun (m)dumugekken laku, Ki Carita aturira, sumangga karsa sang pekik.


31. Kapungkur ing Pakel desa, lampahira ngaler ngetan lestari, kendel kalanireng waktu, prapta ing tanah Tuban, aso aneng ngandhap randhu-wana agung, Gathak Gathuk gawot mulat, agenging wit anglangkungi.


32. Kubenge gya pinecakan, kupengira pitung dasa kakalih, radyan utusan mring Gathuk, kinen ngupaya toya, gya umentar tan pantara tebihipun, anom sumur sela kresna, toya lebet langkung wening.


33. Wangsul matur ing rahadyan, pinurugan lawan santri kakalih, sumur watu kebak banyu, malah kongsi (m)baludag, nulya ngambil toyastuti.


34. Rampung dennya samya kadas, toya mendhak pulih lir nguni-uni, wangsul wektu ngandhap randhu, bakdane salat Ngasar, gya tumindak gandrung-gandrung kapirangu, enget mring kakalih kadang, sira yayi marang ngendi.


35. Anon sumber binalumbang, toya wening winastanan ing Bekti, Rancangkapti ariningsun, nguni karemenanta, adus marang balumbang ingkang binatur, radyan kendel sawatara, anulya lumampah malih.


36. Ngidul ngilen prapteng wana, langkung werit andungkap wektu Mahrib, kendel ngandhap mandera gung, aneng tepining sendang, binotrawi pinageran sela pingul, sawusing tetoya kadas, ngrarasati wektu Mahrib.



*)Prayoginipun wudhu

Mijil
1. Paragating Ngisa lawan Mahrib, pitekur sang anom, ngluhuraken asmane Sang Angreh, Gathak Gathuk wus dangu agulingna, swara kapyarsi, lir mriyem jumegur.


2. Lir kalindhon bumi gonjang-ganjing, Gathak Gathuk mbengok, gurawalan ngarukert rahadyan, saya rame swara kapiyarsi, sireping swareki, Gathak Gathuk ngantuk


3. Tan pantara rahadyan udani, wanodya kinaot, makidhupuh lingguh ing ngarsane, mangenjali matur nora krami, dhuh risang linuwih, ruwaten pukulun.


4. Ing munajat satuhu karya gring, marang wadyaningong, radyan mesem aris ngandikane, bbo rara sapa kang wawangi, lan wismanta ngende, de prapta ngarsengsun.


5. Kawruhana sang luhun wakmami, nguni putri katong, Brawijaya pungkasan pamase, kang mandhireng kraton Majapait, rusaking nagari, salin srengat Rosul.


6. Ulun datan kaduga nglakoni, ing agama kaot, banjur maring wana Bagor kene, atatruka karsaning Hyang Widdhi, kinen angratoni, sagungin lelembut.


7. Ingkang manggen neng Bagor wanadri, de kekasih ingong, Jeng Ratu Mas Trangganawulane, sendhang iki apan sunarani, Sugihwaras nenggih pasiramaningsun.


8. Amung saben ari Sukra Manis, (ng)goningsun lalangon, sapa wonge kang mantep atine, yun kateme marang jeneng mami, saranane mawi, tirakat sadalu.


9. Ing maleme ari Sukra Manis, pasthi ingsun rawoh, sarta asung apa sasedyane, ing samurwat sarta bener becik, mriyem ingkang muni, saben ratri iku.


10. Pratandhane karaton arja-di, mupus ing tyasingong, bawa uwus ginaris papasthen, takdiring Hyang tan kena wah gingsir, rasengsun sdarmi, sumarah sakayun.


11. Paran karsa sira prapteng ngriki, jarwaa sayektos, Jayengresmi alon andikane, angulati kadangong kang anis, jalu lawan estri, wus lawas tan pangguh.


12. Jeng Ratu Mas aturira aris, babo sang kinaot, den-narima pandurung mangsane, tembe panggih yen rahaden uwis, kaukum ing nagri, linabuh ing laut.


13. Neng Tunjungbang kono (ng)gonne dadi, banjur atatemon aywa kemba lakunira raden, nyanyaloni dadining ngaluwih, raden Jayengresmi, ana maremipun.


14. Lah Ratu Mas buron apa iki, kang padha mathangkrong, aneng epan tan kato raine, kaya munyuk buntute tak keksi, Ratu Mas lingnya ris, tukang arannipun


15. Heh Ratu Mas sapa kang sung uning, ing satekaningong, Sri Trengganawulan lon ature, peksi dhandhang sung ngalamat muni, kena dentiteni, kandhane wong sepuh.


16. Lamun ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate, arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.


17. Yeku becik ing alamatneki, barang karya dados, lamun ana dhandhang munya mangke, saka kidul bener prenahneki, ngalamate rejeki, ingkang karsa rawuh.


18. Lamun ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate, arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.


19. Ngalamate apan arsa rabi, yen sangking lor kulon, dhandhang muni ala ngalamate, apan arsa kageringan ati, den angati-ati, awas lawan emut.


20. Atobata maring ing Hyang Widdhi, poma dikalakon, dhandhang muni lor bener sangkane, yeku ala ngalamatireki, yekti arsa manggih, kawirangan agung.


21. Yen amuni ing lor wetan sangking, ngalamate tan awon, yun katemu ing prasanakane, miwah kadang ingkang wisma tebih, lamun dhandhang muni, mencok wuwungipun.


22. Ing wismane kang nginggil pribadi, swaranira alot, yun katekan susah ngalamate, tamat ngalamate dhandhang muni, gurune wismeki, ngendi sangkanipun.


23. Wangsiting Hyang lamun prenjak muni, iku den waspaos, kang ngalami becik lan alane, wus pinasthi carita ing nguni, semune kang peksi, prenjak uninipun.


24. Lamun ana peksi prenjak muni, sareng sakaloron, aneng kidul ing wisma prenahe, ngantya dangu pan ngalamatneki, tamuwan priyayi, becik sedyanipun.


25. Lamun ana peksi prenjak muni, kaprenah neng kulon, pantinira ala ngalamate, guru prapta karsane sung wangsit, sadhiyaa nuli, kang suci kang patut.


26. Lamun ana peksi prenjak muni, kaprenah aneng lor, pantinira becik ngalamate, arep ana tetamu kang prapti, sedyanya tan becik, ngajak tukar padu.


27. Lamun ana peksi prenjak muni, wetan panti mangko, mencok payon kandhang gedhogane, nglamat ala yun kabesmen yekti, den angati-ati, ywa lena ing kalbu.


28. Peksi prenjak munya angideri, wisma tepung golong, pan prayoga iku ngalamate, bakal antuk donya ingkang suci. myang arta kalali, mujia Hyang Agung.


29. Titi tamat ngalamating peksi, kang becik kang awon, iku ingkang ingsunestokake, bener luput karsanging Hyang Widdhi, ingsung darma manggih, ing kaol rumuhun.


30. Raden Jayengresmi ngandika ris, sang ratu kinaot, buron apa kang na paedahe, jeng Ratu aturira aris, sato tukang adi, mengko ingsun tutur.


31. Murweng satu muka kang linuwih, tukang winiraos, iku akung sawabe adene, wus mutamat para nabi wali, miwah para mukmin, poma denlestantun.


32. Den agemi aywa ge denwadi, yen tan tunggal batos, tukang iku pinetta serahe, salehena bun-embunanneki, panganggone nenggih, lamun ana mungsuh.


33. Datan tedhas ing sanjata dening, uteke denuwor, barang lenga dene panganggone, ana gawe cinampur ing dhiri, watek teguh nenggih, luput senjateku.


34. Lambe ilat den (ng)ngo jimat nenggih, kalis gelap reko, apan siung kalawan kukune, pan kinarya ngukur janma guling, insa Allah mati, nenggih wong puniku.


35. Utawa denkosokaken janmi, dadi kaku kang wong, den (ng)go sipat nenggih gegetiye, barang ingkang aningali asih, lamun denwor warih, nenggih banyu susu.


36. Nuli denusapaken ing kendhil, ujare pawartos,d atan mateng nenggih liwatane, wulunipun densebar ing panti, paedhake malih, durjana tan weruh.


37. Anadene wewudelireki, den (nggo)g tampa kang wong, lara busung kang tengen matane, denwor lawan getih serut nengih lan luke wong nangis, den (ng)go sipat iku.


38. Insa Allah wong liyan ningali, pasthi datan weroh, lamun lungan pan denusapake, daka omah paedahe nenggih, tan keneng denambil, duweke wong iku.


39. Mata kiwa denwor lan kasturi, miwah kapur-baros, apan den (ng)go nenggih sa Allahe, denkasihi wong lanan wong estri, wus titi nikmati, sato muka lutung.


40. Ana maning sarah ingkang paksi, platukbawang kaot, luwih akeh tinimbang tukange, wulu daging galungneki, kabeh mupangating, kanthi pedah luhung.



Serat Centhini (dalam aksara Jawa: ), atau juga disebut Suluk Tambanglaras atau Suluk Tambangraras-Amongraga, merupakan salah satu karya sastra terbesar dalam kesusastraan Jawa Baru. Serat Centhini menghimpun segala macam ilmu pengetahuan dan kebudayaan Jawa, agar tak punah dan tetap lestari sepanjang waktu. Serat Centhini disampaikan dalam bentuk tembang, dan penulisannya dikelompokkan menurut jenis lagunya.



Hatiku selembar daun...

No comments:

Post a Comment