Friday, 12 November 2010

Serat Centini (3)

Serat Centini (3)



Kinanthi


1. Lah pirengna radyan ulun, amama sarahing peksi, saking Jeng Nabi Suleman, nenggih ingkang anjarwani, kang peksi pelatukbawan, keh manpangatnya winilis.


2. Yen kang rumiyin dinunung, susukipun ingkan nginggil, karya sepuhing gagaman, gagaman sakalir-kalir, sawabipun datan ana, wong teguh tan pasah titis.


3. Yen tan pasah kang tinanduk, dadya sakti geng (n)dhatengi, tan waras prapta ing pejah, ilating peksi winarni, dhinahar ingkang paedah, ing pamicara patitis.


4. Netranira kang ginantung, munggeng saluhuring kori, tebih saking duratmaka, wuluning murda kinardi, sumping rarywa lit sawabnya atebih saking panyakit.


5. Polo pan kinarya pupuh, ing netra pan datan keni, ing lalamur sawabira, jajantungipun binukti, sawabira sarwa gampang, sabarang ingkan kinapti.


6. Lan kabuka ngelmunipun, aperuninpun upami, winor lan minum-minuman, miwah winor lawan jampi, sawabe rikat lumajar, pringsilanipun binukti.


7. Kinasiyan sawabipun, mring wanodya lawan malih, kinasiyan mring pandhita, miwah maring para wali, dhandhaning peksi dhinahar sawabipun lamun sakit.


8. Enggal ing waluyanipun, brotol binukti pawestri, sawabipun kinasiyan, dyah ika maring ing laki, buntut winor lan gulunya, binasmi nulya binukti.


9. Ing pawestri sawabipun, linuwih samining estri, laripun kenarya gelang, elingan sabarang kardi, lawan malih ingkang elar, winor ing sabuk prayogi.


10. Kinasiyan sawabipun, lamun suwiteng narpati, yen sineleh sorring bantal, patileman sawabneki, titingalan sarwa endah, tur rineksa ing Hyang Widdhi.


11. Sawabe ingkang babalung, akuwat yen densimpeni, myang balung suwiwinira, sinelehaken ngisoring, pasareyan datan liyang, sawabe akuwat malih.


12. Atinipun pan ginantung, luhure dennira guling, sawabipun betah sahwat, yen winor lisah kalentik, myang waedhak ingkang sahwat, sirna sagunging sasakit.


13. Suku kalih sawabipun, lamun pinendhem ing sabin, myang sakehing tataneman, tulus wohipun andadi, lamun malih ingkan manah, ginelangaken ngasteki.


14. Wisa tawa sawabipun, isining wisma sakalir, tebih sangking ing lalara, nenggih atinipun malih, ingusapaken ing dakar, betah sahwat sawabneki.


15. Ingkang ilat kinaryeku, jimat sawabe tan kengin, ing luwe betah alapa, lawan kulitipun malih, tinalekaken padharan, yeku betah luwe malih.


16. Kapalanira kang manuk, kinarya jimat ngajurit, kinajriyan marang mengsah, yen wonten wisma upami, panas tan kena kanggonan, pinendhemen elarneki.


17. Panjawat kang tengenipun, wolung lembar aja luwih, pepadonipun lor wetan, dadya tawa panasneki, getih denakingken ika, winor lawan bawang abrit.


18. Lawan adas nulya kinum, ing toya neng pinggan putih, karya jampi lare netra, pinupuhaken tumuli, insa Allah dadya waras, yen wonten sasakit kuping.


19. Pinupukaken pan mantun, lamun arsa denkasihi, lan wong akeh myang yen arsa, sugih lan yen arsa dadi, barang ingkang tinaneman, puwasaa tigang ari.


20. Den Kadya puwasa agung, winateka donganeki, punika melekang donga, Allahuma barkat saking, Gusti Bagendha Suleman, mung iku tan ana malih.


21. Kang pingan atinipun, ingolah sakalir-kalir, yen wus dennira puwasa, matek donga sarwi bukti, yen adagang myang ngawula, den tetep hya walanggalih.


22. Kalamun arsa sireku, siniyan wong katha malih, tyas lan ilat winor barang, olah-olahan binukti, lamun arsa matenana, ing wong durjana mamaling.


23. Ingkang kiwa tapakipun, dinundep ing cucuk nenggih, insa Allah pesthi pejah, lamun arsa sugih ngelmi, tyas binukti lawan uyah, goreng wus titi kang paksi.


24. Rahadyan ngandika arum, Ratu Mas Trengganasasi, banget ing panrimaningwang, sira sun pitutur jati, ngalamateng paksi dhandhang, miwah peksi prenjak muni.


25. Sarahing tukang linuhung, myang palatubawang paksi, apa kang dak walesena, Ratu Mas turira aris, luwih karsaning Hyang Suksma, ingsun iku mung sadarmi.


26. Kabeh kang wus ingsunwuwus, iku darbekmu pribadi, amung kang medharken ingwang, sarehne wus lingsir akir, sun pamitan tan lilanana, mantuk mring kahyangan mami.


27. Wus tan katon kangjeng ratu, Gathak Gathuk nuli tangi, sarya matur mring rahadyan, kawula satengah ngimpi, mireng swara tanpa rupa, amung ganda mamrik minging.


28. Lir tindhien raosipun, sruwing-sruwing kapiyarsi, tukang platuk lunjak-lunjak, sarah-sarah denadhangi, punika ginem punapa, sinten rencang paduka ngling.


29. Rahadyan ngandika arum, kawruhanamu kang prapti, anemoni jengingwang, iku ratuning dhedhemit, ngadaton ing Bagor wana, ing nguni putri narpati.


30. Sang Aprabu Majalangu, Brawijaya kang sisiwi, anggentur amatiraga, tan sarju salin agami, katrima panedhanira, bisa jumeneng narpati.


31. ngratoni sagung lelembut, sajroning Bagor wanadri, saben bengi mariyeman, Gathak Gathuk duk miyarsi, marinding githok mangkarag, wus awanci pajar sidik.


32. Samya wulu wektu Subuh, paragat dennya ngabekti, linggar sangking Sugihwaras, ngancik suku Pandhan wukir, manjar manginggil wus prapta, ing dhusun Kadhaton nami.


33. Nyabrang lepen mili ngidul, toyanya nyarong awening, miyat balung langkung kathah, ageng-agenge nglangkungi, lajeng lapahira radyan, wus prapteng sukuning ardi.


34. Ing Gambiralaya gunung, nulya umanjat manginggil, prapteng pucak non prapatan, tanggul siti angubengi, tinaneman sasekaran, argulo gandanya amrik.


35. Pinecakan kubengipun, tigang dasa langkung kalih, (n)jawi tanggul kidul witan, wonten reca sela langking, patrape lir janma priya, mangku palanaganneki.


36. Wus pisah lan badanipun, mung sapucan agengneki, Gathak Gathuk latah-latah, ana maneh angungkuli, duwke reca ki Gaprang, kalah dawa gedhe iki.


37. Rahadyan nulya tumurun, ngaler ngerem-erem wukir, anon balung ageng panjang, tikel pat lan kang rumiyin, prapteng ngare angandika, lir mas tumimbul ing warih.


Maskumambang
1. Lah ta Gathak sira umentara aglis, maring padhusunan, katemua kanca bumi, angilenena dawegan.


2. Wus umentar (n)jujug wismane patinggi, gupuh ingacaran, lah panten karsa punapi, kula yun ngileni degan.


3. Anak kula kalantih neng suku wukir, ki patinggi lingnya, boten susah angileni, nulya ngambil kang dawegan.


4. Patang iji sampun pinarasan sami, lah panten sumangga, kula bektane pribadi, kerit lapahira Gathak.


5. Prapteng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi, Jengresmi ngandika, kaki sun tanya sirek, wisma miwah kang sinambat.


6. Nama karan dhusun kang kula enggeni, punika padhangan, katelah sami mastani, dhateng kula kaki Padhang.


7. Sumapala kamipurun, ingkang abdi, ngaturi sugata, lumayan jampi kelantih, saceret wening dawegan.


8. Iya kaki banget panarimamami, pasihanta mring wang, Allah ingkang ngudaneni, ing sakaletheking manah.


9. Radyan ngunjuk ing wening nyu sawatawis, telesing gorokan, karaos nikmat ing dhiri, ngandika alkamdulillah.


10. Linorotken marang santrinya kakalih, we-nyu papat bebas, dawegan gya den klothoki, ngalih sewang samya telas.


11. Radyan angling kaki ingsun minta uning, mau ingsun ngambah, padhukuhan suku ardi, myat balung keh ageng panjang.


12. Nulya manjat malih mring pucaking wukir, anon patilasan, kidul ana reca siji, mangku kadya palanangan.


13. Mudhun maring ngereng-ereng uning malih, balung gedhe dawa, ngungkuli kang mau kaki, kadiparan critanira.


14. Kaki Padhang tumenga matur sang pekik, dongenipun kina sukunipun Pandhan wukir, dusun Kadhaton namanya.


15. Kala jaman purwa kadhaton raseksi, Sang Prabu Arimba, rikala amangun jurit, mengsah panenggak pandhawa.


16. Arya sena ingkang unggul ing ngajurit, raksasa keh pejah punika bablungneki, Sang Prabu yaksa Arimba.


17. Pejahipun aneng ngereng-ereng wukir, ing Gabiralaya, ingkang paduka tingali, anglangkung ageng panjang.


18. Tiyang satus bokmanawi tan kuwawi, lepen alit ingkang ngidul ilinireki, winastan lepen Jeroang*).


19. Sri Arimba sasampune angemasi, pancanak mangsah, ing wadhuk Jeroan mijil, binucal lepen punika.


20. Pan katelah namane prapta ing mangkin, ing lepen Jeroan, pratapan sapucak wukir, ingaran Gambiralaya.


21. Duk rumiyin wonten putri amartapi, warna ayu endah, nami Dewi Gendrasari, wus medal istijratira.


22. Wonten tiyang jaler asru mangunteki, anama Ki Drepa yun mangangkah mring sang putri, duk ayun mangkat prasetya.


23. Yen tinampik amalipun denicali, wasana sang retna, lumuh dhateng Drepa kaki, planangan gya pinagas.


24. Bali lenggah ki Drepa nulya ngmasi, nanging dados sela, lestantun ngantos sapriki, dora lerese sumangga.


25. Gathak (n)jawil lah Ki Drepa iku sigit, netepi prasetya boten kaya wong sakiniki, setyane lamis kewala.


26. Raden Jayengremsi angandika angandika aris, kaki pasihanta, sanget panarima mami, kaki kantuna raharja.


27. Ingsun nutugake tumindaking sikil, (n)dheku Kaki Padhang, rahadyan tandya lumaris, tan pisah ki Gathuk Gathak.


28. Ngaler ngilen prapta ing Bojanagari, myat kukus magnampak, rahadyan nyulya nyelaki, kang murub warni balumbang.


29. Pinecakan kawan likur wiyarneki, dene panjangira, tigang dasa langkung kalih, elbete sahasta wrata.


30. Tanpa toya dangu dennira ningali, nahan tan pantara, murub lir wisma kabesmi, latu sumundhul ing mega.


31. Isthanira kadya ngurmati kang prapti, Gathuk Gathak waswas, giris maras miris tistis, tyas lir tatas anaratas.


32. Kepalane dhusun Dhandher gupuh prapti, mariksa pawaka, kagyat anon janma katri, pinarak tepi balumbang.


33. Nglocciteng tyas aneh teman uwong iki, yen dudu trah tama, mangsa waniya nyelaki, ing balumbang Pakayangan.


34. Ki patinggi anyaketi ing sang pekik, rahadyan tetanya, baya sireku kang (n)jagi, balumbang isi dahana.


35. Palang matur leres timbalan sang pekik, mila gupuh amba, mariksa balumbang api, awit dadya panengeran.


36. Lamun murub delajat kathah sesakit, dhusun ingkang celak, kang uning urubing agni, apes lir mendem pocungan.



*) Prayoginipun Jeroan kadosdene ing pada 19 lan 20

Pucung
1. Murub agung tan wonten tiyang andulu, mung amba priyangga, kang wikan urubing agni, sampun tambu kadhatengan janma tama.


2. Isthanipun lir tur urmat asusugun, punika winastan, Pakayangan latu nenggih, criyosipun prapene empu duk kina.


3. Gathuk tanya marang Ki Kapalang gupuh, baya kang Kepalang, tedhaking empu rumiyin, ingkang darbe petilasan Pakayangan.


4. Apesipun saged pandhe damel dhuwung, Ki Kapalang mojar, o (ng)ger dede tedhakneki, nanging yektos pancen pandhe damel kula.


5. Gathuk muwus lah apa bener bethekku, yen damel curiga, punapi (ng)gih denukiri, panjangipun punapa sakarsa-karsa.


6. Myang landheyan waos punapa ingukur, napa manut bakal, Ki Kapalang anauri, dhawuh miwah landheyan wonten ukurnya.


7. Wotanipun kalamun adamel dhuwung, panjangipun ganja ingkang kaukur rumiyin, lajeng kangge ngukur panjangang curiga.


8. Awit bongkot kajawine pesinipun, dumugi pucuknya, nenem wewilanganeki, kang rumiyin cakra kapindho gundhala.


9. Tiga gunung ping sakawanipun guntur, ping gansal sagara, kaping nenem madu nenggih, ingkan sae tekeng pucuk dhawah arga.


10. Tuwin dhawah sagara utawi madu, titiga prayoga, utawi dhawah jaladri, gya winalik sangking pucuk pangukurnya.


11. Tekeng bongkot kajawining pasinipun, kang langkung utama ing pungkasan dhawah ardi, lah punika ingkang pantes pinilala.


12. Lamun damel landheyan waos ingukur, kepelnya priyangga sakawan etanganeki, sangga runggi sarah watang kang prayoga.


13. Den dhawahna sangga ing pungkasanipun, Gathuk (n)dheku lingnya, paringe kakang kapundhi, Ki Kapalang noraga matur rahadyan.


14. Dhuh sang luhung bilih marengi ing kalbu, kampir wisma-amba, ing Dhandher tan pati tebih, dhusun ingkang katingal ngajeng punika.


15. Apuntenta paman ingsun arsa laju, (n)dumugekken lampah, (m)bungkuk Kapalang tur inggih, boten langkung kula (n)dherekken raharja.


16. Pakayangan latu Dhandher wus kapungkur, lajeng lampahira ngambah ara-ara wradin, tanah Dhandher ngilen nulya anon toya.


17. Medal sangking sumber ngalirab dinulu, Gathuk tan saranta, ngokop toya ingkang mili, prapteng tenggok wangsul mutah bulakeran.


18. Gathak tanya lho kepriwe iku Gathuk, teka mutah-mutah, Gathuk angling mbrebesmili, dudu banyu iku lenga latung blaka.


19. O ya Gathuk aku krungu critanipun, iku banyu kena, kanggo didiyanan sami, wong padesan mung kkuse ngubudilah.


20. Radyan mesem angandika marang Gathuk, iku kang pinanggya, janma tan sareh ing budi, kaya-kaya mesthi manggih kasangsaya.


21. Ya ta wau rahdyan ing lampahipun, nalasah galagah, ketel rumput mendhong wlingi, nabrak lepen ngantya rambah kaping gangsal.


22. anon dhukuh aneng tengahing wana gung, rahadyan ngandika, payo Gathak Gathuk mampir, yun tatanya tanah ngendi iki baya.


23. Gya kapangguh suanma amikul bumbung, isi legen klapa, santri kalih anyelaki, nedha ngileni legen kalapa.


24. Lah ta bagus (n)dika ngombe ingkang tuwuk, ngileni tan susah, (n)dika badhe dhateng pundi, kamayangan teka maring dhekahingwang.


25. Kula (n)dherek janma luhung ingkang nglangut, sukanira mahas, panggenan kang sepi-sepi, amurugi kang singit tan kambah janma.


26. Nika ingkang neng ngandhape pandhan arum, bagus yen sembada, pareng kampir wisma mami, kula mantuk (ng)gelar-(ng)gelari ing wisma.


27. Gathak Gathuk matur wit panyuwunipun, kyai ingkang ngrembat, paduka katuran mampir, mring wismane rehning sampun ngangger lampah.


28. Tan pantara dangu ki wisma amethuk, wus kerit rahadyan, Gathak angupaya warih, ki wisma ngling anak ngupados punapa.


29. Kulo pados toya badhe kagem wulu, o anak tan ana, ing ngriki toya kang sukci, meh sadaya pakungkumangin wahara.


30. (n)Dawek kulo padosken tirta kang luhung, ki wisma gya mancas, pang wet jembul toya mijil, lir pancuran wening asrepe sedhengan.


31. Gahtak matur punika toyaning jembul, manther lir pancuran, kaagem wulu prayogi, radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas.


32. Wusing rampung pampet ingkang toya jembul, Gathak eram ing tyas, wakne iki nyata luwih, nora nyana yang metu kramatira.


33. Prapteng wisma Gathak adan tumalawung, nulya samya sunar bakda sunak kimati, waktu mahrib myang ngisa sampun paragat.


34. Lenggah salu sunggata lumadyeng ngayun, kang legen kalapa tela gamblok mateng ing wit, aturira manis wedaling wicara.


35. Dhuh sang bagus kumedahe atur-atur, sunggata tan mandra, sawontene tiyang langip, aneng wana tanpa rowang data pakra.


36. (ng)Gih kiraka sanget ing panrimaningsun, langkung resep ing tyas, radyan dhahar tlas salining, ngunjuk legen watara tigang cegokan.


37. Kraos tuwuk atob kaping kawanlikur, Gathuk Gathak nadhah, miwah ngombe legen krambil, sakatoke tan ana tinaha-taha.


38. Wacana rum rahaden mring ki wisma rum, kiraka sun tanya ngriki niki tanah pundi, lawan sinten sinambutik kiraka.


39. Aturipun kula pun Jatipitutur, asli saking Sela, ing Kasanga jurukunci, pan ing ngriki talatah siti Grobogan.


40. Ing Kasanga kathah panunggilanipun, Bledhuk Kuwu miwah Crewek kalawan Mandhikil, myang ing Sendhang Ramesan toya mawarna.


41. Kakang Jatipitutur ulun ayun wruh, paran mulanira, yen wonten cariyosneki, kang jinarwa kiraka niku sadaya.


42. Alon matur kula enget boten urut, lumayan kinarya, sasamben cagaking arip, kala kina wonten panjenengan nata.


43. Prabu Jaka punika jujulukipun, ing Mendhangkamulan, karemeng-ameng wanadri, anunumpu bantheng sangsam kancil kidang.


44. Tanpa wadu amung sabat kang tumutur, nuju ri sajuga, uning sarpa mangunteki, langkung ageng sisikira mancawarna.


45. Prabu bendu bantering tyas sakalangkung, ula apa karsa, de banget amatiragi, mengko sira tan wurung rampung dening wang.


46. Sang aprabu nulya menthang langkapipun, jemparing lumepas, cumundhuk sawer ngemasi, wonten swara kapiyarsa ing sang nata.


47. Eh sang prabu tuhu sikara sireku, yekti bakal tanpa, paukumaning Hyang Widdhi, datan bisa mujadahi hawanira.


48. Nenging swara sawer musna tan kadalu, gara-gara prpta, jawah lesus kilat thathit, aliweran baledheg dhar-dher tan pegat.





Megatruh
1. Tranging jawah lagya mangkya sang aprabu, angraos sanget kalantih, thedak mring karandhan ngaub, tuwin karsa anuweni, duk nguni sri nata anom


2. Anakipun nyi randha Kasiyan dhukuh, ing Sangkeh tuhu linuwih, rarasati maksih timur, reh sampun antawis lami, kakinten wus jonggrong jongrong


3. Prapteng dhukuh nganti neng dhadhah sang ulun, wedaling dray Rarasati, nyai randha lagya nuju, nenggani (ng)gentang pra estri, gagendhingan dhumprong-dhumprong.


4. Rarasati mijil sangking wismanipun, asinjang pathola abrit, konyoh jenar slendhang kawung, tinepi parada kuning, wimbuh ayu melok-melok.


5. Tangseng pungkur kalangenanya sang ayu, juga babon kate adi, pethak mulus cnggeripun, sanggardalima respati, sapraptanira sang sinom.


6. Panggentangan nulya tumut (ng)gentang pantun, sukunira kang sasisih, angidak sirahing pantun, angikis sinjangireki, kakempol katon mancorong.


7. Gebyar-gebyar anglir pendah thathit barung, dupi miyat sri bupati, gandrung-gandrung amangun kung, ngandika jroning panggalih, pantes dadya garwaningong.


8. Sigra tedhak nyaketi kang samya nutu, matek asmaragama di, para dyah kang samya nutu, tan ana ingang praduli, katungkul dennira gerong.


9. Sruning cipta korut nutpahira prabu, datan prabeda sang dewi, ugi korut nutpahipun, samya tumetes ing siti, tandya kate pethak gupoh.


10. Anucuki nutpah kalih-kalihpun, wus nunggil dadya satunggil, Prabu Jaka dahat ngungun, sanget lingseming panggalih, nulya kondur angadhaton.


11. Gathak Gathuk samya gumujeng anguguk, radyan mesem ngandika ris, kiraka jatipitutur, nedha kalajengna maning, cariyosipun kang babon.


12. Kyai Jatipitutur nglajengken atur, dupi wus antara ari, amanigan kate pingul, nyi randha dupi udani, antigan pinendhet gupoh.


13. Gya dinekek aneng padaringanipun, tinunggilken tigan katri, winor uwos kang lumintu, saben ari denedangi, nanging boten katon kalong.


14. Malah wuwuh nyi randha graiteng kalbu, baya iki kang marahi, atigan geng pedahipun, beras dakdang saben ari, nora kalong malah wuwoh.


15. Gya pinendhet ingelih maring ing lumbung, dupi uwosira enting, nyai randha mendhet pantun, mring lumbung ambuka kori, mendhet sabelah ginendhong.


16. Tigan ingkang dipun dekekakan lumbung, sampun netes nanging warni, taksaka ageng kalangkung, ngaleker pinuju guling, kagyat nulya tatanya lon.


17. Paran karsa nini sira marang lumbung, nyai randha nulya nolih, anon sarpa nulya gugup, gya dhawah bali anjelih, lumajeng aketol-ketol.


18. Arsa lapur dhumateng sing sang nindya nung, taksaka suka ningali, wus medal saking ing lumbung, mring grannya dyah Rarasati, sarwi ngling dhuh ibuningong.


19. Dewi Rarasati gumuling akantu, wungu nututi bok nyai, sakaliyan prapta sampun, ngarsanira kyana patih, naga wus neng wuri (n)jongok.


20. Nyai randha myang Rarasati duk (n)dulu), samya gumuling ing siti, kya patih arsa lumayu, naga gumujeng sarya ngling, kaki aja jrih maring ngong.


21. Kene payo padha lungguh kang pakantuk, kyai patih ngoplok lingnya ris, lah ula apa sireku, tanpa sangkan (ng)gonmu prapta, sang naga sauriro lon.


22. Kaki ingsun unjukna mring rama prabu, kyana patih anauri mung manthuk lumaris gupuh, risang naga aneng wingking dupi prapta ngarsa katong.


23. Kyana patih dereng munjuk sang aprabu, naga wus neng wurineki, Prabu Jaka gya angangu, eh ula apa sireki, de bisa clathu lir uwong.


24. Naga matur ngaken putranya sang prabu kalangkung dennira runtik, eh ula kawruhanamu, ingsun iki durung rabi sira teka anyalemong.


25. Lah lungaa yen kasuwen tekan lampus, naga karuna lurnya ris, (ng)gelarken nalikanipun, sri papara ing wanadri tumekeng kundur ngadhaton.


26. Lan umatur sakawiting babon pingul, nigan tekeng netesneki, sang prabu miyarsa atur, dahat ing linseming galih, nulya jengkar angadhaton.


27. Kyana patih tinimbalan mring kadhatun, dhawuh timbalan narpati, ponang sawer kinen nantun, madosi pacangan aji, lan mejahi satru katong.


28. Baya putih telening sagara kidul, punika yen antuk kardi, ingaken putra satuhu, patih wus (n)dhawuken maring, sarpa matur arawat loh.


29. Sru praseca*) yen tan kalakyan satuhu, karsane sri narpati, suka tumekeng ing lampus, kya patih welas ningali, punang sarpa mesat gupoh.


30. Ngidul terus singa kang katrajang gempur, amrih aglisira prapti, ambles bantala jumedhul, telenging kanang jaladri, susumbar anguwuh mungsoh.


31. Angungasken armaja Sri Jaka Prabu ing Mendhangkamulan adi, Sang Dewatacengkar Prabu, kang awarna baya putih miyos sangkinging kadhaton.


32. Mpag yuda remaning prang tan cinatur, ngantya pirang pirang ari. sri dyah lami laut kidurl, nama Prabu Anginangin, sukaning tyas dennira nom.


33. amiminta sirnani sang baya pingul, jaladri akocak-kacik, toya benter kalangkung, mina kathah angemasi, baya pethak yudanya sor.


34. Kabuncang mring dharatan tepining laut, sirnaning angga pan dadi, Argalima wastanipun, sarpa sukane angenting, wus pasthi inganggep katong.


35. Kacariyos Prabu anginangin wau, suka amarwata siwi, satru nira baya pinggul, mangkya wus tumekeng lalis, naga tinimbalan gupoh.


36. Malbeng pura prapta ngarsane sang prabu, natadesi ngandika ris, eh sarpa kang jayeng pupuh, ingsun nguni pasanggiri, sapa kang agambuh pupoh.


*)Prayoginipun prasetya

Gambuh
1. Sng sapa unggul pupuh, amateni mring si baya-pingul, gentenana sadhela jumeng aji, luwarana punagiku, sarpogung turira alon.


2. Tan lengganeng ragengsun, anglampahi pasang giri prabu, nanging lampah amba punika tinuding, wusing nyirnakaken satru, ngulati pacangan katong.


3. Rehning dereng kapangguh, Prabu Rara angandika arum, pacangane ramanta pan ingsun iku, sira munjuka sang prabu, ngulati pacanganingong.


4. Yawa krama liyaningsun, nanging andadekna kawruhamu, ramanira tan widada madeg aji, namung tigang warsa puput, ginantyang kang darbe kraton.


5. Ing ari Budha besuk,lek purnama Galungan kang wuku, dak aturi tedhak mring kadhatuon mami, sira sun rabekken kulup, oleh Balorong yu anom.


6. Dhaubnya tan cinatur, langkung rame ing wahawipun, ing dharatan pageblug ageng (n)dhatengi, wusing dhaub madeg ratu, sapta ri gya pamit gupoh.


7. Linilan pamitipun, myang winisik kang badhe tinemu, ing sarira miwah jangkaning nagari, purwa madya wusaneku, welingira wantos-wantos.


8. Sri putri malih muwuh, Linglung Tunggulwulung jujulukmu, tembe sira karsaning Hyang angratoni, lelembut ing gunung-gunung, mring sira angangep katong.


9. Kala patembenipun, sira dadya ngalamat satuhu, dauruning jaman myang kertaning nagri, wis mangkala sira kulup, garwamu rara Balorong.


10. Menek ngrebeti laku, lah tinggalen neng kene rumuhun, sira aja metu marganira lami, teleng saodra kapungkur, ambles ing pratala gupoh.


11. Neng Pasundhan anjebus, ambles malih (n)jebus wonten Kuwu, ing Carewek Mandhikil jebusnya malih, sampun celak nagrinipun mlampah dharatan nalosor.


12. Dumugi praja (n)ujug, kapatiyan wus kerit lumebu, dupi prapta ngarsa nata mangenjali, kyana patih makidhupun Tunggulwulung analosor.


13. Lampahiro ingutus, sampun katur purwa wasaneku, Prabu Jaka langkung trusthanireng galih, wus inganggep putra prabu, ginanjar makutha kaot.


14. Agemira sang prabu, buntut untu atanapi siyung, binrongsong mas tinaretes sosotyadi, sisik linapis mas murub, kalung sosotya mancorong.


15. Myang pinaringan cupu, asthagina isi lisah kayun, kuwasanya yen wonten sarpa ngemasi, tinetesan lisah cupu, gisan malih lenggak-lenggok.


16. Sinimpen wonten buntut, myang musthika naga kwasanipun, sinuyutan sakehe sarpa sabumi, dumunung ing cehtak murub, dhawuh dalem sang akatong.


17. Eh sakeh wadyaningsun, piyarsakna samengku si Linglung, ingsun junjung pangkat pangran adipati, manggon ana Tunggulwulung, wus kulup mundura gupoh.


18. Aywa kusiweng laku, lah araken lakumu si Linglung, lan reksanen sacara-caraning janmi, pangran dipati wus mundur, ing marga tan winiraos.


19. Mandhireng Tunggulwulung, dupi antuk sawarsa sang Linglung, anelasken iwen wus katur sang aji, gya ingelih dalemipun, myang winulang rama katong.


20. Ing ngelmi agal-lembut, wus kacekap tan ana kalimput, Tunggulwulung tapa mangap neng wanadri, awit sangking laminipun, badan kathukulan bondhot.


21. Nglenggirik kadya gumuk, ical sipatira taksaka gung, tutuk kadya wiwaraning guwa wingit, wus mateng int tapanipun, manungsa tan ana weroh.


22. Karsane jawata gung, nuju deres jawah gumarubuh, wonten rare angon sasanga kehneki, kajawahan samnya ngaub, neng tutuk sang naga kinaout.


23. Kang wolu wus umangsuk, kang satunggal sinikang tan antuk, gya minggah ring kleres gigir ngangking kudhi. memrang siti marengkul, guwa mingkem kadya angob.


24. Rare wolu kang ngaub, sareng samya pejah tanpa muwus, kang satunggal wonten jawi merang gigir, ingal lumajeng umantuk, mring sudarma awawartos.


25. Tandya kunjuk sang prabu, sri narendra sakalangkung bendu, gya adhawuh kinen mantek wesi gilig, angkemira Jaka Linglung, supadi pejag ing ngenggon.


26. Wus pinantek kang tutuk, Jaka Linglung tumeka ing lampus, lah punika cariyosipun muni, atatanya Gathak Gathuk, athik ula kaya uwong.


27. Le nyembah niku prehpun*), Rara Blorong kacariyos ayu, pinaesan saya wimbuh amrakati, Jaka Linglung sigit bagus sinewahan mawi topong.


28. Wong gepeng sirahipun, kados pundi kekahe punika, ah wong criyos wikana nyatane nguni, tamating cariyos bangun, Gathak Gathuk adan Suboh.


29. Wus samya wektu Subuh, sabakdanya Subuh ngandika rum, lah kiraka wawi ulun ayun uning, patilasan Tunggulwulung, inggih sumangga sang anom.


30. Kula gadhah panyuwun, mrih lestantun tan sansayeng laku, kaparenga miturut sacaraneki, kiraka hywa walang kalbu, datan nhyuwalani ingong.


31. Wus kerit lampahipun, praptaing Kasanga tepinipun, sisi lebu kadi awu warnaneki, tan wonten taru kang thukul, ngilak-ilak lir sinapon.


32. Ambanon ingkang wangun, nangin mawi malengkong mangidul, kathal bolong kadya lenge yuyu nenggih, katutub ing lebu lembut, tiniyub maruta katon.


33. Sadaya sami ngempus, lir tutuban dene telengipun, wonten eleng sadandang wirarireki, akumrangsang ungelipun, tinindakan alon-alon.


34. Wus celak mendhak sampun, lambah bocong ngambah krikil alus, warna abrit pethak jene anelasih, kendel sila dennya lungguh, rahadyan anulya jongkok.


35. Mariksa lebetipun, kileng-kileng kinclong warnanipun, kadya lingsah ingkang sakalangkung wening, swara kumrangsang saya sru, wusing anom ngandika lon.


36. Punapi marmanipun, lampah bocong Ki Jatipitutur, matur kurmat reh wus celak dunungneki, Prabu Anom Tunggulwulung, kadinanan ngelmi kaot.


*)Prayoginipun pripun

Asmaradana
1. Kang keling-keling kaeksi, gih punika netranira, lebu lir awu warnane, tilas Linglung duk samana, pinantek tukukira, badan polah siti (m)bledug, nanging boten saget kesah.


2. Krikil warangan punika, kinarya nyemeng gegaman, toyane jram pecel winor, paedah ambuhe mindhak, rahadyan sampun linggar, tan pati doh nulya (n)dulu, sumber alit isi toya.


3. Nyemek-nyemek raos asin, kidul teleng kawistara, wonten gumuk mujur ngilen, kilen gumuk datan tebah, rawa lit kebak toya, ugi asin raosipun, ler kilen teleng Kasanga.


4. Ara-ara tinon asri, sitinipun bulak pethak, barenjul samya inggili, turut pinggir pupundhungan, dumugi ing ler wetan, mathuthuk lir wisma pinggul, benggan ajeg lir tinata.


5. Wetan teleng tinon asri, waradin penuh thukulan, rumput merakan myang mendhong, tekeng kidul totok arga, tinon asri kawuryan, nglilipur ing tyas margiyuh, Ki Jati malih turira.


6. Ingriki bilih marengi, mangsa katiga akathah sima sawer samnya manggon, asring-asring ing Kasanga, sawiyaring telengnya, (m)bledhos swara kadya gludhug, inggilnya ngungkuli arga.


7. Tinon yektos (ng)gigirisi, gih punika kruranira, Tunggulwulung ingkang manggen, ing sangadhaping Kasanga, ri wusnya mangun krura, kula gya mariksa gupuh, punapa kawontanannya.


8. Yen katinggl sanepaning, maryem badhe wonten perang, yen katingal kados layon, badhe kathah tiyang pejah, sampuning amariksa, nunten lapur lurah ulun, dhateng Methakan ing Sela.


9. Kang nglajengken mring Mantawis, dene lepen cacah gangsal, kalamun rendheng mangsane, punika dados satunggal, tinon wus kadya rawa, ila-ilane rumuhun, para priyantun ing praja.


10. Saestu yen boten kenging, anon telenge Kasanga, kilap panika wadose, yen tinrajang kadrawasan, linungsur kang darajat, apes nandhang ing papa gung, kinebat kang sandhan pangan.


11. Wus tapis dennya ningali, Ki Jatipitutur lingnya, suwasi angaler ngilen, punika tilas kadhatyan, nagri Mendhangkamulan ing Kasanga wus kapungkur, praja tilasing kadhatyan.


12. Wujud kantun siti mengir*), wus dumadya wanawasa, linajengken ing lampahe, prapta ing sendhang Ramesan, wawengkoning Kradenan, caket satepining ranu, tan patya lebet kang toya.


13. Kalangkung gowaking galih, de toya sadendhang wrata, kadidene wedang umob, lir umbul modal ing toya, gumledheg kang suwara, mancawarni toyyanipun, pindha kukuwung wang kawa.


14. Ijen jene wungu abrit, dadu jambon cemeng pethak, inginum anta raouse, semune kaworan lirang, bentere sawatara, tan nailen-ilenipun, pindhane kadnya balumbang.


15. Ki Jati turira aris, punika sendhang Ramesan, lajeng tindak mring Carewek, aningali gumuk karang, sanginggil gumung ingkan, eler miwah kilenipun, wonten sumberipun samya.


16. Asin raosing kang warih, punika kenging kinarya, sarem alembut warnine, semu abrit asing kirang, wus terang pinariksan, lajeng mangaler sang luhung, ing Mendhikil kang sinedya.


17. Prapteng gumuk datan inggil, nulya samya inginggahan, sampun rawuh ing tepine, lir sumur bunder apapak, nanging tan isi toya, endhut cuwer ngantya penuh, papak lambe ambaludag.


18. Lir pendhah umob swareki, benter namun sawatara, wonten ilen-ilenane, mili we asin raosnya, gya anon sumur tiga, lir wedang panas wenipun, kang kadya sumur lit kathah.


19. Toyanipun ugi asin, sadaya kenging kinarya, sarem kadi ing Carewek, kawratan wus pinariksan, ing Bledhug tinindkan, saking mandrawa kadulu, anon ara-ara wiyar.


20. Ki Jati turira aris, punika kang katingalan, ing Bledhug Kuwu wastane, kalangkung ageng tinimbang, lawan kang kathah-kathah, mawi suwara jumegur, tan kendhat dalu raina.


21. Kiraka suwawi kampir, nedha andika aterna, Ki Jati sandika ture, saking Mandhikil wus linggar, tan dangu lampahira, prapteng talatahing Kuwu, katon trang umbuling lahar.


22. Ra-ara wangun pasagi. kandeg ing tep rahadyan, milih siti ingkang atos, kang empuk tan kenging kambah. rahadyan kagawokan, miyat ing tengahin Bledhug, malembung kadi plembungan.


23. Palendhungnya langkung inggil, dupi wus katon gya pecah, jumegur asru swarane, kadya maryem kapiyarsa, medal kumukus pethak, wusing (m)bledos ngandhap mlendung, kadya ing suwaunira.


24. Lumintu datan sarentil, swaranira nora kendhat, ki Jati umatur alon, malendhung tuwin nyuwara, tan lereh dalu rina, katiga rendheng keh jawuh, tansah makaten kewala.


25. Punika kang alit-alit, ungelipun datan sora, ugi makaten patrape, upami wonten kang ngambah, lajeng ambles kewala, sangking lebete kalangkung, sampun estu lajeng sirna.


26. Ki Jati ngupados deling, tinalorongken manengah, deling ambles datan katon, lah punika deling ical, tri ari yen kleresan, deling mumbul katut lumpur, malesat dhawahnya tebah.


27. Kadhang kalajeng tan mijil, sadaya kang kauningan, punika patilasani, Tunggulwulung Linglung Jaka, pramila ingaranan, Kuwu nalika menthungul, wonten ngriki kantos**) lama.


28. Siniweng naga sabumi, kacariyos ngantos krama, ugi angsal putri Blorong, rahadyan kasengsem miyat, kaelokaning Sukma, sru nalangsa mring Hyang Agung, dene sipate kang ula.


29. Maweh tilasing nagari, kalimput ngulati kadang, dadya gandrung ing Hyang Manon, katongton murah asihnya, aris wijiling sabda, kiraka Jatipitutur, punapa sun walesane.


30. Tanduk tanggaping kang esih, dhumateng badan kawula, datan mantra lagya nembe, de arsa asung carita, nedahken kanyataan, patilasaning ngalung, lalakyan jaman kadewan.


31. Mila sru panuwun mami, winantu ing suka rena, myang den agung aksamane, ing mangkya ulun paliman, andumugekken lampah, kantun manggiya rahayu, jinurunga ing sakarsa.


32. Tur wangsulan sami-sami, kula sakalangkung bingah, de paduka karsa nyruwe, mugi raharja ing lampah, anulya sasalaman, Ki Jatipitutur mantuk, radyan lajeng lapahira.


33. Kadalon anulya mampir, dhumateng ing dhusun sela, (n)ujug ing pajurukuncen, ki jurukunci atanggap, manggih kang dhatengan, alon wijiling kang wuwus, rehning wus ciklu manira.


34. Aywa dadi tyasireki, manira datan akrama, marang sariranta angger, mangkya ingsun nilakrama, ing endi kang pinangka, lawan sapa kakasihmu, mring ngendi kang sira sedya.


35. Rahadyan umatur aris, jeng kyai dhawuh paduka, saestu sampun lenggahe, ngasepuh maring ngamudha, ngoko tan mawi krama, de lamun adangu ulun, pun santri mg dhukuh wetan.


36. Kula mangkya nyuwung uning, ingriki namaning dhekah, jeng kyai lon andikane, eh kulup kawruhanira, ing kene krajan Sela, kabawah marang Mantarum, ya ingsun ingkang rumeksa.


37. Luluhurira narpati, paparab Kiageng Sela, ingkang sumare ing kene, aranku Ki Pariwara, kaprenah buyut lawan, Kyageng Getaspandhaweku, mamanising tanah Jawa.



*)Mengir, saking menger = katingal ageng inggil kados redi.
Kadadosaken mengirsupada wanda pungkasanipun i kangge netepi guru lagunipun tembang Asmaradana.
**)Prayoginipun ngantos



Serat Centhini (dalam aksara Jawa: ), atau juga disebut Suluk Tambanglaras atau Suluk Tambangraras-Amongraga, merupakan salah satu karya sastra terbesar dalam kesusastraan Jawa Baru. Serat Centhini menghimpun segala macam ilmu pengetahuan dan kebudayaan Jawa, agar tak punah dan tetap lestari sepanjang waktu. Serat Centhini disampaikan dalam bentuk tembang, dan penulisannya dikelompokkan menurut jenis lagunya.




Hatiku selembar daun...

No comments:

Post a Comment