Friday, 12 November 2010

Serat Centini (4)

Serat Centini (4)




Dhandhanggula


1. Lah ta kulup sira ywa kuwatir, sayektine ingsun nora samar, marang lalakonmu angger, reh ginadhan sireki, cacalone janma luwih, kang jenjem manahira, aneng wismaningsun, upama sira babakal, karya wisma ingsun amunjurung tali, rahadyan duk miyarsa.


2. Asrep ing tyas aturira aris, dhuh pukulung ragengsun sumangga datan lenggana dasihe, mangkana sang abagus, ngantya lami neng Sela kampir, anujwari sajuga, sabakdaning Subuh Kyai Ageng Pariwara, lenggah srambi rahadyan tan kenging tebih, jeng kyai angandika.


3. Eh ta kulup den kaparang ngarsi, kawruhanmu nora endah-endah, ngelmu kan sun imanake, amung piwulangipun, eyang Kyageng Sela linuwih, nyatane wus anyata, cihnane linuhung, kang mengkoni tanah Jawa, datan liya tedhake Jeng Sela Kyai, lan iki piyarsakna.


4. Papali ki ajinem (m)berkahi, tur salamet seger kawarasan, pepali iki mangkene, aja agawe angkuh, aja ladak aja ajail, aja manah surakah, lan aja calimut, lan aja guru-aleman, aja jail wong jail pan gelis mati, aja amanah ngiwa.


5. aja saen den wedi ing ngisin, ya wong urip hya ngegungken awak, wong urip pinet baguse, aja lali abaguse, bagus iku dudu mas picis, pan dudu sesandhangan, dudu rupa iku, wong bagus pan ewuh pisan, sapapadha wong urip pan padha asih, perak ati warnanya.


6. Aja mangeran ing emas picis, aja mangeran ing busanaendah, ja mangera kabisane, aja mangeran ngelmu, aja mangerah teguhreki, aja mangeran japa, aja (ng)gunggun laku, kabeh iku siya-siya, aja sira (ng)gugoni kawruhireki, lah iku mundhak apa.


7. Angkuh kang jujur arahen kaki, aja sira angarah keringan, saidhep-idhepe dhewe, ewuha wong tumuwuh, dipun bisa ngenaki ati, atine sapepadha, nepsumu ja turut, iya nepsuning manungsa, kudu kedhep iya sapadhaning janmi, iku sira sirika.


8. Aja sira padhakaken jalmi, aparentah marang sato kewan, kebo sali lan ayame, aja sira prih weruh, kaya uwong pan nora bangkit, aja kaya Samerta, kebone pinupuh, kinen sinau memaca, wus pasthine kebo sapi nora bangkit, mulane awuwuda.


9. Ayam giusah munggah ing panti, atanapi yen amangan beras, kebat ingadhangan bae, iku wong ngolah semu, yen tetangga sarate kaki, yen layak ingaruhan aruhana iku, yen tak layak enengena, apan iku mangan segane pribadi, pan dudu rayatira.


10. Yen mungguha rayate pribadi, kapenakna ya rayate ingkang, nglarakena ing atine, aja sira mumuruk, tuduhena yen dereng sisip, yen usiw katiwasan, aja sira tutuh, kelangan wuwuh duraka, aja sira ngumpah-umpah iku kaki, lah iku mundhak apa.


11. Den aolah mungguh ing ngaurip, aja nganggo ing sadaya-daya, wong urip pan akeh lire, dipun ngidhep pakewuh, weuh iku tgang prakawis, pakewuh ing pangucap, ewuh ing pandulu, ana ewuh jroning nala, yan katara alane sajroning ati, pan dadi pangraita.


12. Dipun wuruk lan idhep ing ngisin, isin iku pan kalih prakara, dhingin isin Pangerane, dene ping kalihipun, dipunisin padhaning janmi, en kalakona wirang, isin temahipun, dipun atu akakadang, pawong sanak aja pegat ngati-ati, yen cala dadi ala.


13. Aja sira wani-wani, maring sanak pawong kandangira, aja sira watak dahwen, aja watak akmingsun, aja watak ngaruh-aruhi, aja awatak ngiwa, ala kang tinemu, sing sapa atine ala, nora wande ing benjing ing nemahi, wong ala nemu ala.


14. Sing sapa andhasaraken becik, nora wurung benjing manggih arja, miwah saturun-turune, yen turune dadya gung, amarentah wong cilik, aja sadaya-daya, dadi nora tulus, saenggone dadi cacat, aja nacah parentah marang wong cilik, aja sawiyah-wiyah.


15. Aja sira watak wani-wani, aja sira watak ngajak tukar, aja ngandelken ngelmune, aja sira anguthuh, aja ladak aja ajali, aja doyan sembranan, dadi wong katutuh, niniwasi dadenira, lamun ana wong patrap dipun awedi, malati iku uga.


16. Balik iku lah tirunen kaki, janma patrap sira kasihana, sira arahe sawabe, amberkati wong iku, nora kena yen dipun aji, tirunen lagi wenang, pambekane alus, yang angucap ngarah-arah, yen alungguh nora pegat ngati-ati, nora sawiyah-wiyah.


17. Aja sira watak suka singgih, aja sira kapengin kedhotan, kukuwasan*) apadene, aja sira madhukun, aja (n)dhalang aja agrami, aja budi sudagar, aja budi kaum, janjine jakat lan pitrah, dipun suda padune cukeng abengis, iku kaum kang nyata


18. Kumbah surahkah cukil adulit, iya jajal melanten amerna, iku nora dadi gedhe, siriken ujar iku, iku wong urip dipun taberi, mapan katemu basa, pan katemu semu, mapan katemning ulat, atining wong kang ala lawan kang becik, kang jujur anteng cahya.


19. Kawruhana janma kang kakiki, iya iku guruning pandhita, nora katara lakune, tan cegah tan asaum, nora tapa nora amutih, sangkig prayitnanira, ing ngawake iku, prayitna ing ngawakira, mung sanake punika kan denwedeni, sanake iku jagat.


20. Banyu bumi agin lawan langit, srengengene kalawan rembulan, punika sanake kabeh, janma kang salah iku, iya iku strune nenggih, mulane ana lara, walat kang tinemu, janma kang jujur punika, lanang wadon punika sanake nggih, mulane ana sawab.


21. Kang satengah kang durung sayekti, dennya amrih budi kapandhitan, pijer wayang-wuyung bae, tansah ngalor angidul, mendhak-mendhak saba wong sugih, ngelmu ginawa kasab, angucap (ng)gadebus, angincih darbeking liyan, nora weruh awake kalebon eblis, dadi wong ngayawara.


22. Apan cegah jenengi ing ngelmi, kang asaba omahe nangkoda, miwah matri apadene, lumuh kena ing siku, dennya amrih budi lestari, budi marang kararjan, ing beka tan keguh, bekane ing wong ngulama, pan kapencut marang ingkang melik-melik, dadine ngandhap-andhap.


23. Yen ngantiya kasor ingkang ngelmi, pan duraka jenenenge ngulama, wus awak buta ragane, wus linglung kadalurung, nora weruh kena pirangi, tansah karya paekan, dennya anjejaluk, datan etang jewa raga, (m)bagentusi dennera amrih, pakolih sumrenuh lakonira.


24. Anglakoni karyane kang den prih, iku sing wong tan welas ing badan, tan asih maring jisine, dadi banjur kalurung, nora antuk wahyuning ngelmi, lakune lalawora, tansah wayang-wuyung, mung melik ingkang denancab, durung weruh ing laku sikuning ngemi, polah sadaya-daya.


25. Pangrasane wus bener kang ngelmu, tan angrasa lamun ingeseman, marang sujanma kang luweh, iku wong kumprung pengung, nora wikan kena piranti, sabab wus ati setan, lakune wus liwung, pangrahe tan riringa, wus kalulun atine kalebun eblis, wus tan wruh isin wirang.


26. Apan katah pan bekaning urip, dennya amrih pakolihing badan, amrih kuncara,ngelmune, meleke saben dalu, tansah agung acegah bukti, andhap-asor kalintang, eseme lir dhuyung, ulat manis ati sabar, dadi gendam eseme guna piranti, enenge salah cipta.


27. Tan mangkana ingkang sampun yekti, badan iku ingkang kadi sarah, aneng lautan pamane, apa umbaking banyu, sarah anut umbaking warih, iku jeneng kawula, tan darbe kersaku, angin purbaning Pangeran, tanpa karsa kalimput marang sawiji, wus kerem ing sagara.


28. Nora nana denparani ati, pan wus liwung tan darbe Pangeran, pan suwung jati kawruhe,d atan dulu-dinulu, tan tumekeng suwung, sasolahe pan asamar, nora nana kang kaduga anampani, liwung kadya wong edan.


29. Wusing tamat radyan anungkemi, paadanira Kyageng Pariwara, waspa dres alon ature, dhuh babo sang awiku, karsa paring pituduh jati, asru panuwun amba, kapundhi ing ngembun, amung pangestu paduka, kasawaban ing sabda ri sang linuwih, tumancepe ing nala.


30. Kyai agen angandika malih, patilasani dibyane Jeng Sela, teka ing samengku iseh, deongenge dung ing dangu, panamare laku tatanin, sasawah nanem gaga, ing sawiji wektu sabadane salah ngasar, marang sawah papculira cinangkung, praptaning pasabinan.


31. Gya tumandang wus adatireki, lajeng mendhung riwis-riwis jawah, kagyat gebyaring caleret, kiyageng maos gupuh, subganalah nulya kaeksi, kaki-kaki lumarap, jeng kyai tan keguh, tan samar marang kang prapta, pinurugan pandhapan dennya lumaris, si kaki wus cinandhak.


32. Wus kaasta jumegur swareki, ingkang pindha kaki-kaki ika, apan gelap satuhune, ingerut gandri gupuh, kyai sangsul anambut kardi, si gelap gedabigan, datan bisa ucul, sabanjure katur sultan, ing Bintara bajur kinunjara wesi, tan lami ana prapta.


33. Nini nyangking beruk isi warih, amurugi maring pakunjaran, toya gya siniratake, wus sirna kalihipun, tinggal swara anggegetari, kuncara wesi rusak, mawut anggalepung, dadya kondang sanagara, Kyageng Sela sanyata lamun linuwih, bisa anyekel gelap.


34. Uwit gandri kang kaanggo (ng)godhi, suwisa gelap katur nata, dadya murub menter-menter, kiyaging adhadhawuh, marang putra wayah myang abdi, padha sira (n)jupa, geni gelap iku, anggonen dadamar omah, insa Allah kinajrihan gelap yekti, marma ywa pejah-pejah.


35. Ing saiki geni gelap maksih, ingkan durung katular-tumular, aneng pasareyan (ng)gone, apan ta saben taun, manira tur tularan api, kuncuk jeng sri pamasa, maring ing Mantarum, sawah kang ginarap swarga, mung sabau catur kedhok den arani, si Mendhun mula aran.


36. Awit saben (ng)garap kangjeng kyai, banjur mendhung orng kedhokan aran, Subganalah katelune, Pandhapan arannipun, pate kedhok ing Gelap nami, katelah tekeng mangkya, gandri kant katanu, sirna namun lemahira, ngilak-ilak tan thukul katang myang teki, iku caritanira.


37. Anjabane ngolah tegal sabin, marang kulawangsa amumulang, agawe bleng myang uyahe, gawe nila nanandru, kembang pulu kalawan maning, anandur kang jujutan, marna benang alus, sutra kang bakal kinarya, cindhe gedhog ngadani yasa dhapuring, omah joglo limasan.


38. Nganggit-angit coreke kang lurik, tuwuhsela telu lema lawan, badra sapanunggalane, abah-abah pinatut, winuwuhan wangunaneki, anguripken petungan, sing pasiten iku, nguni kang miwiti etang, sri Manuhun nanging tan ana pradali, dadi wite kalakyan.


39. Eyang Sela tumeka saiki, lemah dadi sanggane wong juga, ingaran sabau kae, gawene wong ro iku, diarani cacah cakikil, gawene uwong patap, ngaran cacah sak-jung, piridan petungan jagal, sampil siji sabau swi sampil kikil, sampil pat sak-jung rannya.


40. Dhasar sugih kawigyanyan myang lantip, ya Ki ngadurakhman Kyageng Sela, prayoga predinen jebeng, grendanen tyasireku, sukur bage bisa nyeplesi, orane mung mirida, lalabuhanipun, kajabeku patilasan, angratani dadi wasiyat narpati, sri nata Ngeksiganda.



Sinom
1. Mangkana tyasira radyan, dupi myarsa andikaning, Kyai Ageng Pariwara, dadya supe dhahar guling, ing nala kang kalingling, amung shira Hyang Agung, rum manis aturira, kiyageng lamun mareng, dasihipun arsa dumugekken lampah.


2. Paduka kantuna arja, kawula anyuwun pamit, iya kulup kywa pepeka, ingsun nyangoni basuki, sausnya mangenjali, sasalaman nulya mundur, Gathuk Gathak pamitan, wus linilan kalihneki, ruruntungan tan pisah lan bendaranya.


3. Nagel ngilen lampahira, wanci ngajengaken Mahrib, prapteng Gubug padhekahan, anon urube kang api, neng satengahin sabin, kinubeng ing mandera gung, ana panti kang celak, dhapur masjit caket api, Dhatuk Bahni ing Marapi kang atengga.


4. Wikan lamun kadhatengan, gya mijil sangking ing panti, wus pinanggih lan rahadyan, samya sasalaman katri, Ki Dhatuk ngandika ris katabetan ingkang rawuh, sru begja kemayangan, de ana kan sudi kampir, mring asonya mas putu pundi pinangka.


5. Lawan sinten kang sinambat, paran kang sinedyeng kapti, rahadyan matur prasaja, kula nama Jayengresmi, de rencang kula kalih, pun Gathak lawan pun Gathuk, ing Giri kalairan, tan ana sinedya ngati, ambalayang ngupadosi dwi kakadang.


6. Mankya pados pasipengan, pramila bilih marengi, nyukeri jogan paduka, ki Dhatuk latah dennya ngling, dhuh babo wong asigit, sampun kang sipen sadalu, sanadyan salaminya, kepareng dhdhekan ngriki, iba-iba pun kaki bingah ing nala.


7. Wawi ngambil toya kadas, sedheng wancinira Mahrib, wusing kadas Gathak adan, paragat wektu Mahribi, pujiyanira ngenting, sampet wektu Ngisanipun, wusing bakda salaman, lajeng lalenggan sami, wus ambanjeng sugatanira ki wisma.


8. Liwet ketan panggang ayam, cinocoh ing santen kanil, winadhahan panjang ilang, sambel windu saking miri, linemeng bumbung peting, gula siwalan neng ngempluk, wedang sekar sridenta, Ki Dhatuk wacana manis, wawi bagus pun kaki atur sugata.


9. Supala amung kinarya, lumayan aywa kalantih, pikantuk denira dhahar, linorotken marang abdi, rahadyan matur aris, ing waku kula andalu, siti resik arata, gumrebeg umedal agni, urubing ingkang acelak bantala.


10. Warni ijen biru jenar, kadya sekaran tinepi, inggiling urub saasta, wiyarira sawatawis, caket lawan Marapi, wonten sela alus bagus, kadnya umpaking wisma, Ki Dhatuk ngandika manis, ing marapi kang murub mangalat-alat.


11. Wawi bagus pinurugan, wus medal sangking ing masjit, kerit ki Dhatuk lampahnya, prapta celaking Marapi, Ki Dhatuk malbeng geni, inguseg suku wus lampus, peteng dhedhet limentan, tan dangu gya murub malih, Dhatuk Bahni wacana lah Gathuk Gathak.


12. Usegken suku lir ingwang, lamun mengko uwus mati, suleten sadhengah-dhengah,pasthi banjur murub maning, Gathak Gathuk turneki, dede pabenan (m)bah Dhatuk, latu kangge mainan, jabakneya yen kiyai, bilih kula yekti kobar dadi wangwa.


13. E ta mara lakonana, Gathuk jinorogken aglis, mring Gathak dhawah kalumah, cakekalan dennya tangi, tan ana raosneki, wus inguseg suku lampus, sinulet nulya gesang, nahan toyanira sabin, gya ngelebi sadhengkul lebeting toya.


14. Latu maksih kantar-kantar, aneng sanginggiling warih, rahadyan asru kagagas, kaelokaning Hyang Widhi, kadiparan kiyai, mila bukani rumuhun, ki Dhatuk Bahni lingnya, wikana ulun tan ungin, watu umpak punika duk jaman Demak.


15. Adegen mesjid ing Demak, para wali kang ngadani, Jeng Susunan Kalijaga, kabageyan umpak siji, pambekta prapteng ngriki, sampun wanci bagda Subuh, ing kangka datan kena kebyaran adeging mesjid, gya tinilar mangkya dadya panengeran.


16. Sinten wonge kang kuwawa, anjunjung sabari linggih, kalakyan sasedyanira, suwasi yen badhe nyobi, rayadyan turireki, amung ngalap berkahipun, linuhung waliyolah, kaecan dennya ningali, ing Marapi dadya tan wangsul mring wisma.


17. Rahadyan matur tatanya, kula mireng caritaning, ing nagari Ngeksiganda, telenging karaton Jawi, yen arsa mangun kardi, amikramaken sunu, deging tarub ingetan, myang wulannya kedah milih, ing karesmen pados dinten kang prayoga.


18. Inggih bagus dhasar nyata sanadyan ing dhusun ngriki, saben ayun darbe karya, sami tatanya mring mami, wulan ingkang prayoga, kangge andhaupken sunu, priridan sangking Arab, miwah etangipung Jawi, pan kinumpul supadi manggih widada.


19. Adeging tarub punika, pepitu etanganeki, awite tanggal sapisan, tarub-tarub den wastani, tanggal kapindho nenggih, selumang-lanang, rannipun, ping tiga saluman-dyah, ping pat rahayu basuki, kaping lima rahayu salamet tama.


20. Kaping nemme pati-lanang, kaping pitu pati-estri, ping wolu sami sapisan, tekeng sapiturutneki, mangkya ingetan sami, kaping sapisan ping wolu, limalas rolikur lan, sangalikuripun nenggih, pan ingaran tarube sri naranata.


21. Pindho sanga ping nembelas, telulikur tridaseki, salumah-lanang ingaran, ping tiga sadasa tuwin, seluman-wadon puniku, kaping pat ping sawelas, wolulas salawe nenggih, apan sami rahayu kawilujengan.


22. Kaping lima kaping rolas, sangalas nemlikur sami, rahayu tur karaharjan, ping nem ping telulas, tuwin, dwidasa saptakuring, ngaran pati-lanang iku, ping pitu ping patbelas, slikur wolulikur sami, ingaran pati wadon tan prayoga.


23. Samonoku nyingkirana, sangar naas gung myang tali, wangke sampar-wangke miwah, dhendhan-kukudan lan mawi, sangat adegireki, ingkang saka awitipun, sarat nganggeya saka, dhadhap srep teka satunggil, kang prayoga prayogine den anggeya.


24. Satunggal tarubing-nata, ageme jeng sri bupati, kalihe seluman-lanang, tri seluman wadon nenggih, sami datan prayoga, kaping sakawan rahayu, kaping gangsal raharja, punika sami prayogi, kaping nenem pati-jaler tan prayoga.


25. kaping sapta patining-dyah, ugi tan sai pinanggih, petang sapta yen sri nata, kang kagem petang stunggil, snese narapati, petang sakawan puniku, kalawan etang gangsal, punika salah satunggil, kang kinarsa dene wulane kawinan.


26. Wonten sabdaning Utusan, adhawuh ing para mukmin, den padha angawruhana, ing wong salaka-rabi, amanggih papa nengggih, lamun awon wulanipun, raharja manggih suka, lamun sasinipun becik, prayogine den sami nyumerepana.


27. Lamun Mukaran dohane, tyang akawin laki-rabi, utangan nglamatira, wulan Sapar tan prayogi, wikana kang pinanggih, Rabingulawal kang tensu, pejah salah satunggal, yen wulan Rubingulakir, manggung runtik tansah arebat suwala.


28. Ing wulan Jumadilawal, antuk druhakeng Hyang Widdhi, tur akerep kapandungan, jinahan pakartineki, yen kawentara yekti, anandhang wiwirang gung, jumadilakir wulan, sugih emas lawan picis, wulan Rejeb kadaden anak lan dunya.


29. Ing wulan Sakban raharja, sakgawene nemu becik, wulan Ramelan duraka, kathah pandameling eblis, wulan Sawal tan becik, geringan pakantuking, ing wulang Dulkangidah, asring susah ngliliwati, wulan Besar raharja sasolahira.


30. Ing karesmen winarna, kang pangandika Jeng Nabi, salalah ngalehi salam, rikala amituturi, dhateng kang putra estri, Siti Patimah kang luhung. lawan dhadhawuh marang, putra mantu Sayit Ngali, rayiyalahu ngnhu babing masalah.


31. Ing wong karesmen lang garwa, eh Ngali pitururmami, aja sira asanggama, tanggal pisan lawan malih, ing wekasaning sasi, nora becik karonipun, iku kalamun dadya, anake metoni cilik, lawan aja asanggama tanpa damar.


32. Lamun dadi sutanira, balilu kurang kang budi, lawan aja asanggama, dina Akat lang wengining, iku kalamun dadi, pan durjana larenipun, lawan aja sanggama, ing dina Rebo tan becik, lan wengine yen dadi bocah cilaka.


33. Lawan aja asanggama, wektu pajar nora becik, lamun dadi larenira, tuna-liwat lareneki, lan aja karon resmi, nalika tangangeiku, kalamun dadi bocah, dadi juru teluh ugi, lawan aja sanggama malem riyaya.


34. Wit ri lamun dadi bocah, duraka mring bapa bibi, lawan aja asanggama, maleme riyaya iki, Besar kalamun dadi, bocah siwil adatipun, lan aja asanggama, ingkang katlorong Hyang Rawi, lamun dadi bocah adoh begjanira.


35. Lan malih ada sanggama, sambi ngadeg datan becik, mangka lamun dadi anak, duwe lara beser benjing, lan aja karon resmi nalikane dina saptu, miwah ing wengenira, iku lamun dadi bayi, balaine adate kalebeng toya.


36. Lan aja sanggama sira, sambi ngusapi pareji, miwah dakar iku aja, ngusapan lawan jejarik, mangka kalamun dadi, bocah kurang budinipun, lan aja asanggama, sambil rarasan tan becik, mapan bisa adate yen dadi bocah.


37. lawan aja asanggama, kalawan nginali parji, lamun dade larenira, wuta adate punika, lawan aja karesmin ning ngisor wit-witan iku, kang piangan wohira, yaiku kalamun dadi, larenira panggaweyani niaya.


38. Lawan aja asanggama, malem Barahat tan becik, lamun dadi larenira, anandhang lara tan mari, iya kalawan malih, aja sira karon lulut, ana ing panginepan, puniku kalamun dadi, larenira abanget cilakanira.


39. Lan aja sanggama sira, anuju kelling pawestri, lamun dadi larenira, budhug adate kang sakit, poma Ngali den eling, imanena tuduhingsun, eh Ngali sanggamaa, malem Senen iku becik, myang rinane apan iya becik uga.


40. Lamun dadi larenira, wateke saregep ngaji, lawan sira sanggama, ing malem Salasa becik, lawan raina becik, lamun dadi bocah iku, akeh wong ingkang tresna, lawan sanggama Ngali, malem kemis miwah arainanira.


41. Lamun dadi sutanira, pan akeh begjanireki, lawan sira sanggama, ing malam jumungah becik, nadyan raina becik, lamun dadi sutanipun, apan sugih kabisan, lan sanggamaa sireki, sadurunge lingsire dina Jumungah.


42. Utawa ing Kemis dina, karone iku ta becik, yen dadi atmajanira, dadi pangulu lan malih, sinunataken ugi, ing wong asanggama iku, yen amaca bismilah, hirahman ya nirakimin, lan amaca tangawut pan sunat uga.


43. Yen tan amaca bismilah, nalika arep sahwati, lamun dadi sutanira, balilu tuna kang budi, mila yen arsahwati, derenge (ng)genne tangawut, menek ana panjanmaning, satru kang den kawruhi, dipun sami ngestokken Kadis asmara.


Asmaradana


1. Lan wonten kaol mengeti, lamun arsa sacumbana, lan garwa miwah salire, anyingkirana ing dina, Sabtu Legi ya aja, akaresmen dina iku, awon adate yen dadya.


2. Larene agadhah sakit, edan kang wus kalampahan, ana dene panyirike, namun sadalu sasiyang, lan maningge ya aja, acumbana wengenipun, ingkan garebeg titiga.


3. Punika pan boten becik, lamun dadi larenira, sok gadhah ayan sakite, lan malih lamun cumgana, lan wanodya kel aja, lamun dados putranipun, sok (ng)gadahi sakit barah.


4. Poma den sirika ugi, yen wong wadon lagi tarab, aja sok gramah-gurameh, yen durung adus-kel aja, den ajaka cumbana lamun sanget karsanipun, pan angur goleka liya.


5. Dene ta ing Tumpak Manis, lan bengi garebeg tiga, singgahana aywa supe, kalamun sangeting karsa, teka den betahena , kadar pira mung sadalu, yen wis bakda cumbanaa.


6. Kadi ta ing Tumpak Manis, sadalu lawan sasiyang, betahena aywa supe, kadar pira mung sadina, sawengi ngarah apa, ujubena tapa iku, acacegah lan wanodya.


7. Poma den enget hya lali, hywa na ingkang sembrana, ing wong tuwa wawalere, lan wajib ingestokena, mangsa silih doraa, lan wonten utaminipun, lamun arsa acumbana.


8. Mapan ta kedah amilih, nujua dina Jumungah, kan tan sangar taliwangke, miwah naas singgahana, kresmena bakda Luka, yen wus kremen banjur adus. lajeng metoni Jumungah.


9. Punika kalamun dadi, tuture wong tuwa-tuwa, kathak kang dadi masaleh, miwah ta dadi ngulama, tanapi keh kabegjan, titi tamat serat pemut, prayoga den estokena.


10. Gathak Gathuk angaligik, ngacemut ririh rarasan, Gathuk Ki Dhatuk ature, mring bendara bab ngononan, gek basa banjur ora, Gathuk ririh sauripun, ah wong tuwa iku lumrah.


11. Cobak dak matur kiyai, kajaba kang wus kawedhar, apa iya ana maneh, sirikan anon-anonan, Gathak majeng manembah, rereh ririh dennya matur, dhuh jeng kyai apuranta.


12. Kamipurune pun patik, anyuwun ing sarerepan, kajawi kang wus kawiyos, sirikanipun sanggama, Ki Dhatuk mesem nabda, kacung sireku amencul, ana maning linarangan.


13. Wong tuwa kang duwe peling, pan kinon anyinggahana, sacumbana lawan lonthe, miwah lan taledhek apa, den ajak sacumbana, apan awon tilasipun, akathak kang sakit bengan.


14. Lan kaping kaliye malih, asring sakit rajasinga, tin cramumuh tin panyenyh, yen munjuk dhateng ing grana, sak piseg aditira, yen mring netra dennya munjuk, akathak kang sakit wuta.


15. Ana malih den singgahi, sacumbana lan wanodya, ingkang awon pratingkahe, sanadyan silih ayune, tan pantes kinedanan, yen wus lara keh kung nutuh, nora nana wong ngalema.


16. Nadyan awona sathithik, kalamun antuk parawan, mundhak ngencengake otot, pae lan randha walunjar, tan mundhakake kuwat, namun mirit sampun gambuh, nora susah ajar-ajar.


17. Ewa mangkono tan keni, sasenenganing manungsa, pan septane dhewe-dhewe, ana kang septa mring randha, saweneh septa wlanjar, saweneh ana wong iku, aremah rabi planyahan.


18. Ciptane sajroning ati, rina wengi digarapa, pradene yen ngadeg puleh, nyambuta-gawe sadina, sak jampel mangsantuka, naledhek bae sabedhug, oleh kaya telu tengah.


19. Miwah lamun sanja bengi, tan susah nganggo pawitan, mung kembang pupur lan borehe, tapi kemben sok gantraa, prandene keh kang tumbas, pan ora nganti sabedhug, oleh opah limang uwang.


20. Mulani ana nglakoni, ambuwang isin lan wirang, arabi tledhek myang lonthe, pan ora kena den wora, karepaning manungsa, apan ta sampun asnapun, warna-warna beda-beda.


21. Warna-warna rupuaneki, beda-beda karepira, nora kena den worake, seje badan seje nyawa, yen kena den wor-wora, kang tunggal badan nyaeku, prandene tan rujuk karsa.


22. Kaya mata lawan peli, miwah weteng lawan badan, duse karep dhewe-dhewe, matane arsa anendra, wetenge arep mangan, badane banget alesu, peline angajak sahwat.


23. Lawan ana peling maning, yen marengi acumbana, mring garwa miwah selire, aja ngakehken gendhingan, tan becik lamun dadya, anggalidig larernipun, adate kang wus kalakyan.


24. Lan kaping pindhone maning, kalamuning jroning cumbana, aja sinambi calathon, guguyun kang tan prayoga, tan becik lamun dadya, larene juweh punika, wartane wong tuwa-tuwa.


25. Mulane lamun katermin, aja ngakehken guguyan, balik den resik badane, miwah to ingkang sandhanan, wewangi angganggoa, lamun dadi larenipun, resikan penet kang warna.


26. Lan maneh jroning sahwati, kalamun kapentut ala, yen dadi nyengit anake, mulane kalamun sahwat yen ngentut den pocota, lamun entut uwis metu, nggal nuli balekena.


27. Mula aja akaresmin, yen durung resik kang badan, tangi turu banjur nyemplo, nora nganti mring pakiwan, yen dadi tan prayoga, larene warnine kethuh, caroba ala kang warna.


28. Lawan ana peling maning, kalamun mentas amangan, aja sok banjur karesmen, yen durung medhun kang sega, ala maring sarisa, anduweni lara watuk, punika kang wus kalakyan.


29. Dene ta gampanganeki, kalamun mentas mamangan, maksih karasa warege, aja wani-wani sahwat, yen weteng durung lega kalamun dreng karepipun, teka betahna sadhela.


30. Gathak Gathuk duk miyarsi, gumuyu alatah-latah, kapingkel atos wetenge, tahadyan mesem kewala, Dhatuk Bahni lingira, kacung niku pancen saru, apan (ng)gunem calemetdan.


31. Rahadyan ngandika aris, punika langkung prayoga, wantah datan mawi tedheng, dados gampil linampahan, suwasi linajengna, rehning ing ngagesang tamtu, Ki Dhatuk (n)dheku turira.


32. Utami bilih nyingkiri, naas Nabi wulan Wura, tanggal kapng triwelase, punika nalikanira, Nabi Brahin binakar, kaping tiga wulan Mulud, tinurunken Nabi Adam.


33. Nembelas Rabingulakir, Nabi Yusup nalikanya, linebetaken sumure, Jmadilawal ping gangsal, Nabi Nuh nalikanya, kinelm ing jagadipun, ping salikur wulan Siyam.


34. Kalamolah Musa Nabi, kala kalebeng samodra, Sela kaping pitulikure, Nabi Yunus nalikanya, inguntal ulam lodam, Besar ping salawe nuju, Jeng Nabi kakashing Hyang.


35. Muhkamad ingkan sinelir, kunrutug sela wong kopar, rentah kakalih wajane, dene kang kikrik ing petang, saben wulan kewala, asal tanggalnya panuju, kaping tiga kaping gansal.


36. Triwelas nembelas tuwin, salikur patlikur lawan, tanggalipun ping salawe, sami cinegah sadaya, kalawan sangar wulang, sataun pinara catur, Pasa Sawal Dulkaidah.


37. Jumungah sangaraneki, Besar Sura lawan Sapar, Saput Akad sangarane, Mulud Rabinulakir myang, wulan Jumadilawal Senen Slasa sangaripun, Madilakir Rejeb Ruwah.


38. Sangaripun Rebu kemis, Rahadyan aris ngandika, kathah temen petange yen makaten kedah tamban, datan kenging dinadak, o bagus (ng)gih-enggihipun, kendel dennira raosan.


39. (n)Dungkap wanci pajar gibid, samya ngambil toya kadas, nulya prelu wektu Suboh, paragat dennira wekdal, rahadyan ngaraspada, dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu, asung kakanthining gesang.

Kinanthi
1. Kalangkung gungin panuwun, paduka sung tedah jati, penet awoning pakaryan wenang, mokaling sanggami, kang sayogya linampahan, patut linaluri-luri.


2. Ing mangkya kawula nyuwun, lilahipun sang linuwih, pamit (n)dumugekken lampah, kyai kantuna basuki, muhung pangestu paduka, rahayune lampah mami.


3. Dhatuk Bahni ngandika rum, dhuh mas-putu wing asigit, ampun kirang pangaksama, ulun puja basuki, ing lampah ywa kasangsaya, miwah ingkang den padosi.


4. Sami manggiha rahayu, ramanta kang neng Mantawis, antuka nugraheng nata, wangsul (m)bawani ing Giri, sinuhung ing kulawarga, tetep kadi nguni-nguni.


5. Radyan (n)dheku matur nuwun, ru wusira manganjali, atur sinungan salam sang tapa, Gathuk Gathak angabekti, sausing sinungan salam, katri mundur sangking ngarsi.


6. Kyai Dhatuk ingkang kantun, kumembeng waspanya mijil, kaya-kaya nututana, labet sru trestaning galih, tan cinatur kang kabyatan, asruning sih mring tatami.


7. Radyan lampahira laju, ngaler ngetan sawatawis, Hyang Surya wus nunggang arga, mungup arsa amadhangi, ing saisining kanan rat, maweh enggaring panggalih.


8. Ing papagan wus kapungkur, tumameng ing wana werit, keh rawa kang kaliwatan, ngancik sukune kang wukir, talatah krajan Undhakan, dhukuh Prawata kaeksi.


9. Raden ngandika mring Gathuk, payo pada den parane, padesan kang katon ika, lajeng lampahira katri, prapteng sajawining dhadhah, kendel satepining beji.


10. Kayoman ing nagasantun, pinageran ing wratsari, winengku ing sela kresna, radyan ngambil toyastuti, wektu Ngasar wus paragat, salaku sepining beji.


11. Gathak Gathuk manthuk-manthuk, meteki sampeyan kalih, rengeng-rengeng sasingiran, tan ana tinaheng galih, tentrem raosing sarira, wauta ingkang winarni.


12. Lurah ing Prawata dhusun, kakasih Ki Darmajati, Darmawati nyainira, atmaje estri satugngil, paparap Wara Surendra, ing warna tuhu linuwih.


13. Wingit ing pasemonipun, kuning wenes amrakati, enteng ruruh tur jatmika, lantip ing weweka titi, susila tyase ngumala, ujwala manther nelahi.


14. Ngrerompyoh sesinomipun, rema ngendrawila wilis, jangga lumun asembada, welar pranajanireki, maya-maya sinatmata, lir pendah cengkir pinginit.


15. Awijang bebaunipun, asta anggandhewa gadhing, wiraga nenangi brangta, yen lumampah ngati-yati, ririh alon membat madya, lambung memes kadyangganig.


16. Tujung lumembang ini ranu, kasilir ing angin-angin, wasis saliring pakaryan, kang winajibken pawestri, sang dyah tumutur ing rama, mring tegal arasa ngundhuhi.


17. Lombok terong pare timun, kacang ceme myang kacipir, lumampah aneng ing ngarsa, kasorot ing Sang Hyang Rawi, mangu-mangu Sang Hyang Surya, denyarsa tumameng wukir.


18. Kasengsem miyat sang ayu, dumadya mandheg timolih, sang dyah rara kampir sendang, tekeng satepining warih, cangkelak wangsul trataban, enar-enar senig-senig.


19. Kapanggih ing ramanipun, sarya awacana manis, rama aku tur uninga, ing kono tepining beji, ana wong anyar kawuryan, linggih slonjor dipeteki.


20. Baneke kang metek ngidung, Kinanthi siji ngenngaki, Ki Darmajati tatanya, dhenok jalu apa estri, embuh rama ora tamat, ki lurah (ng)guguk lingnya ris.


21. Heh bokne Nok den agupuh, maranga tegal pribadi, kalawan atmajanira, sawuse sirau ngundhuhi, apa saisining tegal, banjur olahen kang becik.


22. Menuok angundhuha jambu, dersane kalawan manggil, kepel kokosan rambutan, dhuwet pulih aja kari, lan dalima ingkang tuwa, jeruk keprok salak medhi.


23. Pelem santok sengir madu, pilihana kang mateng wit, alaha jangan beningan, sambel jagung jangan menir, pecel ayang kang kumanggang, lalaban cambah kemangi.


24. Berutu ayam ywa kantun, lan gorengan ayam estri, gesek-kutug gegpukan, sambel brambang lalab sledi, kekecutan sungthi bawang, lawan ketimun sumerit.


25. Wedang kahwa gula tebu, saringan tepas kang resik, nyanyamikan puthu-tegal, carabikang mendut koci, semar mendem buntel dadar, kinoplok ing santen kanil.


26. Sambel goreng kring ywa kantun, urang campuraen lan ati, rambat kulita kang ayam, petis kang wus kok bumboni, sega lemes sega akas, jiwet pitik jago biri.


27. Wedan ronning blimbing wuluh, sing anyep rendhemen warih, reremikan dhaharan, criping kaspe criping linjik, pisang goreng nganggo gula, creiping tela karag gurih.


28. Wis mangsa bodho sireku, pikiren lan bokmu nyai, aywa na ingkang kuciwa, Ki Darma lajeng mring beji, wau rahadyan kang lagya, pinetekan abdi kalih.


29. ngandika mring Gathak Gathuk, mira mau muni tobil, banjur mlongo kadhep tesmak, Gathuk mator wonten janmi wanodya warna yu endah, arsa tumameng ing beji.


30. Tan dangu cangkeluk wangsul, kilap wau purugneki, amung tilase lumampah (ng)gantheng kadya lintang ngalih, kinten kula waranggana, apesipun putraning jim.


31. Kendel dennira umatur, praptane Ki Darmajati, nyaketi lenggahnya radyan, saha aturura aris,dhus risang nembe kawuryan, kula anggger nilakrami.


32. Pundi pinangka sang bagus, sinten sinambating wangi, rahadyan arum ngandika, kula aran Jayengresmi, satri nagri surapringga, saking umiyat Marapi.


33. paman punapi pilingguh, lan sintan ingkang wawangi, Darmajati nama kula, lurahing Prawata ngriki, bilih kaparenging karsa, kawula aturi kampir.


34. Dhumateng ing sudhung ulun, paman kalangkung prayogi, menggah dhepokipun paman, gapura ingkang keaksi, o raden dede punika, tilas karaton Jeng Gusti.


35. Sultan ing Demak karuhun, paman ulun ayun uning, patilasani ngawirya, wawi kula kang umiring, linggar saking in patirtan, Ki Darma lumakyeng ngarsi.


36. Minggah prapteng alun-alun, lir ara-ara waradin, kantun wringih kalih jajar, nulya minggah mring sitinggil, mangidul anon gapura, angongkang tepining wukir.


37. Munggul sela gamping bagus, ingukir pinatrap remit, margi minggah dhauk-undhakan, gela gamping kang kinardi, prapteng lebeting gapura, Ki Darma atunya mijil.

Mijil;
1. Lah punika wujuding kang puri, ing Demak sang katong, dados kalih jeng sultan kithane, bilih rendheng linggar dhateng ngriki, wit Demak nagari, kalebeng we jawuh.


2. Yen katiga wangsul mring nagari, nunten kang ngadhaton, Susuhaning Prawata namine, akatelah tumekeng samangkling, karane kang ardi, Prawata puniku.


3. Ascaryambeg rahaden ningali, ingkang tembing elor, rawa wiyar ngandhaping pareden, lir samodra sinaba ing peksi, pel-opel lan mliwis, blekok cangak kuntul.


4. Bangothonthong pecuk cabak trinil, ruang-urangan abyor, andon mangan mangsan mina myang urange, panjrah kadi sekar tinon asri, wus slesih ningali, rahadyan tumurun.


5. Amangilen mring pinggiring rawi, anon sumber ayom, binalumbang binatur pinggiri, sela pethak kukubuk pasagi, sajroning botrawi, ingkang pojok catur.


6. Pinansangan sela-gilang langking, winangun ambanon, boten kaclop we tebah kaote, jroning blumbang bulus ageng alit, samya belang putih, ngambang ttata turut.


7. Isthanira nambrameng kang prapti, Gathak Gathuk gawok, kathik bulus samono akehe, gedhe cilik padha belang putih, iku kang nglurahi, endhase sak genuk.


8. Darmajati aturira aris, punika sang anom, wasta Grudha tilas siramame, sultan adi ing Demak nagari, sela-gilang langking palenggahanipun.


9. Miwah saben wedal aneng ngriki, nadyan salat Lohor, datan beneter kayoman errnne, gayam nyamplung karebet waringin, saben (ng)Garakasih, Jumngah malemipun.


10. Kathah ingkang tirakat mariki, dupa sekar konyong, neng ngandape kakajengan (ng)genne) mangga radyan mariksa ing beji, wastanipun Jibing, pasiramanipun.


11. Para arum kang samya umiring, ing jeng sang akatong, wus dumugi ing Jibing tepine, gasik resik ayom silir-silir, ri-wusnya udani, Darmajati matur.


12. Sampun tapis ingkang dentingali, sumangga sang anom aso dhateng pun paman wismane, antentremken rapuhing kang dhiri, radyan mituruti, kerit lampahipun.


13. Ing pandhapa sampun dengelari, pandamira abyor, ngandhap talang lenggahe rahaden, Gathak Gathuk neng emper pandhapi, Ki Darma mring panti, sanjang rabinipun.


14. Sira dhewe ngadenana nyai, lan anakmu dhenok, ganten eses wedhang dhahrane, mengko bada Ngisa wissa ngrakit, dhahar kang prayogi, dhayohmu linuhung.


15. Darmawati sandika turneki, sadaya wus mrantos, Darmajati mijil ngarsa raden, datan dangu sugata lumadi, nyai aneng ngarsi, rara Menok pungkur.


16. Gupuh matur sarwi ngacarani, punika ingkang bok, nyai amba Darmawate ranne, ingkang wingking anak amba estri pambajeng (ng)gih ragil, tan na kadangipun.


17. Pun Surendra naminipun yekti, nanging karan Menok, kidhung wagu tur awon warnine, labet kogung wah tebih nagari, bodhone nglangkungi, amung lothung-lothung.


18. Nyai sira ngaturna pambagi, marang ing sang anom, ingkang embok atur basukine, rawuhipun angger wonten ngriki, pangestune bibi, pan inggih rahayu.


19. Nyai Darma anolih mring wuri, babo sira Menok, ngabektia ing suku nah angger, anyuwuna pangestu glis laki, (n)tuk jodho permati, slamet panjeng umur.


20. Rara Menok tan wawang ngabekti, ing pada sang anom, tatag teteg tan sedheng driyane, ngandikeng tyas Raden Jayengresmi, edi bocah iki, ayu trus rahayu.


21. Nora nana cacade samenir, pantes abeg tanggon, kembar warna amung polatane, ruruh iki lan si Rancangkapti, wusing angabegti, rara Menok mundur.


22. Darmajati aturira aris, sumangga sang anom, kaparenga ngunjuk sawontene, myang nyanyamik wedalaning ardi (n)dheku Jayengresmi, wedang wus ingunjuk.


23. Sarwi dhahar cariping kaspei, telas tigang kethok, Gathak Gathuk tan beda suguhe, kacung ngriku nedha den rahabi, bikt rarywa kalih, ngombe srupat-sruput.


24. Angethamil nyamikan pat piring, gasik lir sinapon, manjing Mahrib alinggar rahaden, maring langgar ki wisma umiring, dumuginya masjit, Kyai Darma wangsul.


25. Tata dhahar neng bangku sinamir, tinutup ing lawon, dilah thonthot brenggala liline, rara Menok ingkang ngrakit-ngrakit, rampunging pangrakit, (ng)ganten celak bangku.


26. Darmajati tatanya mring siwi, uwis rampung Menok, rama uwis mung kari liwete, lan ngngeti ingkang gajih-gajih, mengko lamun uwis, lenggah (ng)gonku ngedhuk.


27. Kawrnaa kan ana ing masjid, Gathuk adan gupoh, bakda sunan kimatan age, nulya parlu usali Mahribi, bakda apupuji, tekeng Ngisa-nipun.


28. Bahda Ngisa radyan ngandika ris, Gathuk bocah wadong, kang den ujungaken mau kae, ayu endi lan kang marang beji, Gathuk matur sami, tan geseh sarambut.


29. Eram kula leganing sudarmi, datan walangatos, lan bocahe teka tatag teteg, iya Gathuk ing panyawangmami, kana kene sami, ngena-ngene suwung.


30. Raden Jayengresmi ngandika ris, iku nora linyok, wus mangkono wong ngaurip, kiye, kacihnaning tandhane sawiji, ngaurip puniki, tan na bedanipun.


31. Kyai Darma mring langgar ngaturi, ing sang prawira nom, bilih sampun paragat perlune, bok-paduka (ng)gennira sasaji, dhaharnya sang pekik, mangkya sampun rampung.


32. Jeng paduka ngatuan mring panti, radyan tindak alon, lajeng lenggah caket lan mejane, liwet anget lan uma kang (ng)gajih, wus lumadyen ngarsi, sadaya kumebul.


33. Niken Darmawati matur aris, angger ingkang embok, tur sugata sakawontenane, radyan (n)dheku angandika aris, mangga paman bibi, prayogine kembul.


34. Katri sareng dennira abukti, bikut rara Menok, angimbeti ngladosken janganne, sambel ulan tan kendhat linarih, Raden Jayengresmi, kang dhinahar agung*).


35. Sekule liwet sakluwak tan luwih, gesek tlas sajempol, lalap sunthi rong iris tan luweh, wus sumugi dennira abukti, atob wanti-wanti, Ki Darma angungun.


36. Wus cinarik wowohan mangarsi, radyan mendhet gupoh, dhuwet pehak akakalih cacahe, gung ginlintir dhinahar sawiji, Gathak Gathuk bukti, angendhoni sabuk.


37. Dhadhaharan sawusi dumugi, mingser lenggah ngulon, Kyai Darma matur mring rahaden, bilih pareng aso dhateng panti, rehning lir mas kentir, rahadyan umatur.


prayoginipun amung

Maskumambang
1. Sampun paman sakeca wonten ing ngriki, ndheku Kyai Darma, ngandika marang ing siwi, ganten eses ladekena.


2. Wedang dharan lan-olahan saananing, rara Menok tanggap, angladosi aneng ngarsi, sarbet sinampirken pundhak.


3. Wus tinata Ki Darma angacarani, sumangga kadhahar, pun Menok mangunahneki, sisinaon olah-olah.


4. Raden mesem pangandikanira aris, klebet wajibing dyah, saged lah-olah sakalir, tegen rigen minta-minta.


5. Wasis salir pakaryanipun pawestri, raratus myang wedhak, parem tapel pupur wilis, konyoh jajampi racikan.


6. Nyumerepi samuwaning anggi-anggi, pon-empon babakan eron ingkang maedahi, ngyektosi kanggening karya.


7. Nganti nenun nyulam nyongket adondomi, angraronce sekar, (m)batik nyoga (b)babar adi, mamantes isinin wisma.


8. Ngati-yati nastiti gemi ing wadi, tan kirang tuladha, utaminipun pawestri, nulad panengen pangiwa.


9. Ingkang lebda dudugi lawan prayogi, watara riringa, sirang dalu kang kaesthi, anut tuduhing sudarma.


10. Bilih saged kadya ingkang ulun angling, winiwitan mangkay, sinau wisma pribadi, piniha ngladosi priya.


11. Bokmanawi wilujeng ing donya ngakir, punika paitan, tembe angladosi laki, kantun pados kalangkungan.


12. Manthuk-manthuk Ki Darma kalawan Nyai, Menok rasakena ngandika raden iki, tanjebena ing wardaya.


13. Iya rama antuka pangestu yekti, sabdanin utama, nyawabana lair-batin, bisane tampa nugraha.


14. Kasususa saratri tan ana guling, eca lelengahan, sasamben dhahar nyanyamik, wus wanji pajar gidiban.


15. Radyan matur mring ki wisma Darmajati, paman (m)bujeng enjang, mangkya kula nyuwun pamit, ayun (n)dumugekken lampah.


16. Paman bibi sami kantuna basuki, ing sapengkeringwang, kang sinung ngling matur aris, kula (n)dherekken raharja.


17. Gra salaman Ki Darma ngatag ing siwi, Menok ngabektia, sang dyah gupuh angabekti, radyan arum angandika.


18. Rara sira sun dongakaken ing Widdhi, tumulia krama, oleh jodho kang premati, kang tulus trahing ngawirya.


19. Kang dalajat respati sudibyeng ngelmi, bisa momong ing dyah, nyenengken tyasing sudarmi, sira kantuna raharja.


20. Rara Menok matur nuwun sru kapundhi, pangestu paduka, Gathak Gathuk samya pamit, linggar saking palenggahan.


21. Kyai nyai andherekken prapteng jawi, wus wangsul mring wisma, rara Menok agnukudi, nahan lampahira radyan.


22. Kampir beji wekdan sembahyang Subekti*), bakda pupujiyan rahadyan lajeng lumaris, ngaler ngilen anir pringga.


23. Kedyating tyas kapencut arsa udani, ing masigit Demak, iya saning para wali, tan cinatur laminira


24. Wus umangsuk prapteng palataran masjid, tan ana kang nyana, yen punika putra Giri, kinira santri balaka.


25. Minggah srami, wowolu sakanireki, ingukir pinatra, betan saking Majapait, sangkalanira pinirsa.


26. Kari roro gawening wong **) ungelneki, wiwara kang marang, mesjit ingukir taya sri, gambar gelap pinarada.


27. Tumapk kori sinerat sangkalan muni papatra kinarya rupa gelap ***) tungal nenggih, radyan manjing sigra-sigra.


28. Dupi prapta aneng sajroning masigit, kalangkung anikmat, mupangat raosing dhiri, enget mantheng nungkul ing Hyang.


29. Saka guru sakawan agengnya sami, inggile sembada, gilig memet ragi methit, agenngnya kalih rangkulan.


30. Ingkang eler wetan sanes lan kang katri, nenggih wujut tatal, kinempel dados satunggil, gilig aluse warata.


31. Yasanira Kangjeng Susuhunan Kalijaga kang minulya, maweh tilasan nagari, karamating waliyolah.


32. Saya gambuh rahadyan dupi udani, sinungan umiyat, kaelokaning Hyang Widdhi, sangandhaping panti kutbah.


33. Rompyok-rompyok kathukulan glagah-wangi, lintange rahadyan, tan ana janma udani, pratandha calon nugraha.


34. Sampun medal saking campurining masjid, lajeng lampahira, tan cinatur lamineki ngancik laladan Japara.


35. Prapteng suku wukir Murya ngankong tasik, ing Sagara Jawa wus manjat arsa udani, puncaking kang ardi Murya.


36. Margi (n)deder rumpil kapit jurang terbis, rekaseng lumampah, Gathak Gathuk kempis-kempis, sakedhap-kedhap araryan.


37. Dalu aso enjinge umangkat malih, tri ari tumeka, aneng sapucaking wukir, bawera anon samodra.


38. Ing lampahe baita layar gagrami, ana labuh jangkar, ambedhol jangkar lumaris, langkung asri tiningalan.


39. Ing karajan padesan ngandhaping wukir, tinon karya rena, rahadyan kagyat ningali, astana teja sumunar.


40. Pinarpekan uluk salam densauri, tahlil sanalika, radyan myang santri kakalih, bakda tahlil ana prapta


41. Kaki-kaki marpeki dyan Jayengresmi, alon angandika, kyai kula nilakrami, paduka napa kang tennga.


42. Lawan sinten ingkan sumare ing ngriki, alon sauriria, inggih kula ingkang jagi, nami Buyut Sidasedya.


43. Kang sumare Jeng Sunan Murya wawangi, karaning astana ing Muryapada puniki, namaning ardi ing Murya.


44. Lah punapa paduka karsa nenepi, dhuh ki Buyut baya, ing sedya amung yun uning, pucaking kang ardi Murya.


45. Reh wus uning mangkya ulun nyuwun pamit, mandhap saking arga, Buyut Sidasedya angling, piniki tanggel ing lampah.


46. Babo lamun kapareng karsa kang pekik, kampir dhepok ingwang, prayogi ing benjing-benjing, dinten sangete prayoga.


47. Watekipun kalayan sasedyaneki, tur manggih raharja, rahadyan dupi miyarsa, dumadya dhanganin nala.


48. Sampun kerit dupi wus prapta ing panti, ki Buyut parentah, marang Gathak Gathuk santri, kacung aja taha-taha.


49. Angambila pribadi sugata mami, otek cangthel boga, jepen tales wi gembili, gembolo pohun katela.


50. Gathak Gathuk tan lenggana gya lumaris, maring pategalan, suka dennya ngengunduhi, rampung gya tumameng wisma.


51. Ambakari jagung pohun uwi legi, wedang ronning kahwa, rinakit lumadyeng ngarsi, ki Byut suka tumingal.


52. Swawi bagus krana-lah sami nyenamik, kedahe nyunggata, sawontene tiyang wukir, ijen wus tridasa warsa.


53. Jayengresmi mesem wus adhahar uwi, mesem atatanya, wusing angundhuh sakalir, punika kagem punapa.


54. Kula angge sedhekah mring pekir-miskin, awise kant tedha, smai dhumaten mariki, sasukane dennya mbekta.


55. Kula amung angengehken kangge wiji, makaten lampahnya, tan saged sidhekah picis, mamanise mung kwowodan.


*)Prayoginipun Subeki = Subuh
**)Taun Jawi: 1429
***)Taun Jawi: 1441


Serat Centhini (dalam aksara Jawa: ), atau juga disebut Suluk Tambanglaras atau Suluk Tambangraras-Amongraga, merupakan salah satu karya sastra terbesar dalam kesusastraan Jawa Baru. Serat Centhini menghimpun segala macam ilmu pengetahuan dan kebudayaan Jawa, agar tak punah dan tetap lestari sepanjang waktu. Serat Centhini disampaikan dalam bentuk tembang, dan penulisannya dikelompokkan menurut jenis lagunya.



Hatiku selembar daun...

No comments: