Friday 12 November 2010

Ndhek mau esuk

Ndhek mau esuk


Arif Rohman

Ndhek mau esuk aku tangi karo moto isih kriyip-kriyip. Iki lantaran sworo gedhebak-gedhebuk nang siseh kamarku. Aku wis ngiro yen bocah wedhok kuwi bakalan nyanyi, moco puisi, jingkrak-jingkrak ora jelas yen wayah esuk. Aku biasane mung nutupi endhas lan kupingku karo selimut sing anget kuwi. Biasane dheweke terus adus karo nyanyi-nyanyi. Mulane nyanyiane welek banget, tapi yen dirungok-rungokake kok enak. Dheweke kerep nawari aku mangan bareng tapi aku ora gelem. Masalahe aku ora pati doyan mangan babi. Yen tahu tempe aku doyan wong kuwi kan makanan pokokku. Bocah siji iki memang urakan banget. Irunge dikei anting-anting lan sakbendino wong lanang gonta-ganti mlebu kamare jarene sih pacare. Sing gawe aku kesel kadang nek nyetel tip kenceng2 sampek kamarku 'shacking up and down' maksudku isi kamarku podo mencelat kuabeh. Aku ndonga mugo-mugo bocah kuwi sadar nek suarane tape kuwi iso krungu sampai tekan canberra utowo perth. Bengi kuwi aku kaget reti dheweke nangis. Tak takoni kenopo dheweke mung jawab koncone bar mati bunuh diri. Lho kenopo? Tibake dheweke kulino ngonsumsi obat sing terlarang (iki maksude sejenis narkotik, dudu koyok wong indonesia sing demen ngonsumsi baygon utowo air keras terus mati). Dheweke ngaku yen gonta-ganti pacar amargo frustasi. Dheweke sebenere lesbi cuma ora disetujui karo wong tuwane. Pacare kuwi frustasi lan ngobat amargo frustasi ping pindo. Ditolak wong tuwane bocah kuwi lan ngeti yen bocah kuwi saiki pacare akeh. Lanang gonta-ganti sisan. Bocah kuwi jur tak takoni, lha kowe nangis bengi rino koyok ngene opo ora marake awakmu rusak. Bocah kuwi terus tak ceplokake endog goreng lan tak kei sambel terasi. Dheweke terus meneng ora nangis meneh. Masalahe dheweke kepedesen. Sesuke dhewee ngilang aku ora tahu reti kabare. Jare wis balik nang london.. Ninggalake surat isine.. What the hell food that you had given to me. I was suffering like in hell after consuming it. Tibake dhewee mulih nang london goro-goro mencret terus sebab mangan sambel trasi sing takwenehi. (Iki cerito khayal ojo dipercoyo).




Hatiku selembar daun...

No comments: