Thursday 11 November 2010

Pesan Mbah Demak Di Hari Lebaran


Arif Rohman





Orang-orang sukses adalah mereka yang memiliki pemikiran positif. Tipe berpikir orang-orang sukses ini adalah:



1. Big picture thinking bukan small thinking

Ojo mikir sing cilik-cilik, kudu sinau terus-terusan, rungokake omongane liyan, dadi utekmu kuwi wawasane dadi luas. Ndonya kuwi ora

mung demak.



2. Focused thinking bukan scattered thinking

Nek mikir kuwi sing tenanan, ojo angger ngawur lumpat-lumpat ora jelas. Nek mikirake belimbing demak yo belimbing demak, ojo nganti

mikir belimbing depok, citayam opo maneh, belimbing wuluh.



3. Creative thinking bukan restrictive thinking

Mikir ojo nggur mikir, tapi sing kreatip sitik. Misale ketinggalan kreta depok, ojo njur mutung lan mlaku depok jakarta, nek kuwi jenengane

edan.



4. Realistic thinking bukan fantasy thinking

Yen mikir ojo sing ora-ora, opo maneh mikir sing jorok-jorok, kayal, lan nglantur, mbok yo sing opo anane ae. Misale rupane elek, akeh kukule, tapi ngarep-arep dipacari luna maya. nek kuwi jenenge ora nggrayangi getokke. ngoco lo ngoco.



5. Strategic thinking bukan random thinking

Mikir kuwi koyok dolanan sekak, kudu kuat lan pinter itung-itungane, ojo asal-asalan, nek mung ngono bocah cilik yo iso. Misale kowe

kerjo nang Kalimantan terus adikmu arep kawinan sesok. Kowe yo kudu korban duwit sitik numpak pesawat, ojo malah pingin ngirit

numpak kapal, pas kowe nyampe panganane yo wis entek, eneke yo piring rusoh karo utang sing kudu dibayar.



6. Possibility thinking bukan limited thinking

Nek mikir kuwi sing bebas, ora ono beban, ojo kepikiran sing ora-ora, opo maneh sing ora penting. Misale pingin halal bi halal karo pak

sby, kudu mikirake ramene wong sing podo mrono, ojo nganti awake dhewe desek-desekan, kepidak, terus mati.



7. Reflective thinking bukan impulsive thinking

Mikir kuwi yo dirasak-rasake apik orane, ojo pas lagi nesu, kuwi lo contone Arya Panangsang mati sak durunge dadi rojo, amargo emosi

nglawan musuhe dhewekan, padalen dheweke nduwe prajurit akeh. Kuwi jenenge kuthuk marani sunduk, alias ora nggowo sim, stnk,

helm, spion, wani-wanine lewat nang ngarepe pulisi. Ojo ngono, nek kuwi jenenge prustasi..



8. Innovative thinking bukan popular thinking

Mikir sing apik kuwi sing ngasilake pemikiran sing anyar sing iso nyelesekke masalah, ojo mung mikir tapi hasile biasa-biasa ae. Misale nek

numpak kreta ora kebagian kursi kanggo lungguh, yo kudune mikir tuku kursi cilik sing didol nang stasiun opo tuku koran kanggo

nglesot. Ojo malah nesu-nesu mbalangi koco, terus mecotot nang dhuwure kreta. Nek kuwi jenenge ngedan.



9. Shared thinking bukan solo thinking

Mikir bareng-bareng kuwi luwih apik tinimbang kowe mikir dhewekan. Contone tukar kawruh nyambi ngopi, mangan telo godhok, gedang

goreng, opo buah belimbing. Ojo malah mikir nglangut karokan ngelamun, nglamune nang kuburan akeh lamuk sisan. Nek kuwi horror

banget.



10. Unselfish thinking bukan selfish thinking

Mikir kuwi ojo kanggo awake dhewe thok, tapi kudu kanggo keapikane wong akeh. Misale mikir mbangun dalan kampung ojo sing dipikir

dalan neng ngarep omahe thok. Wong kampung bakalan ngamuk kabeh. Iso-iso sirahmu benjut kabeh.



11. Bottom line thinking bukan wishful thinking

Ojo mikir sing sifate ngarep-arep ora jelas, mikir sing tenanan koyok dhene wong baris yoiku urut lan iso dimangerteni. Ojo mikir terus

piye corone macari cut tari, tapi mikiro piye corone entuk dhuwit kanggo operasi plastik lan tuku kebun belimbing sewu hektar ben

dheweke kesengsem.








Demak, 16 September 2010

Mbah Demak 'Mario Cleguk'





Hatiku selembar daun...

No comments: